Wangsa Han (Hanzi: 漢朝,hanyu pinyin: Han Chao) (206 SM-220) yaiku saka telu wangsa kang paling duwé prabawa ana ingCina ana ing sadawané sajarah Cina.[1] Wangsa iki dadi wangsa kang ngunakaké dhasar-dhasar nasionalitasCina kanggo marisi pamanunggalan Cina saka wangsa sadurungé yaiku,Wangsa Qin.[1]
Wangsa Han dhéwé diyasa déningLiu Bang, siji wong tani kang menangaké perang sadulur lawan saingané,Xiang Yu.[2] Wangsa Han iku wangsa kang paling kuwat ana ing Cina, lan amarga prabawané kang gedhé, ètnis-ètnis mayoritas ana ing Cina saikiné nyebut dhèwèké iku katurunan saka wong Han.[2]
Sawisé ngalahaké nagariChu, Liu Bang banjur nggabungaké nagari-nagari liyané kang ana ing Cina lan ngedegaké wangsa Han.[1]Wiwitané, Liu Bang (kaisar Gao) mbagi nagara dadi pérangan-pérangan wewengkon nagara féodhal.[1] Maksudé yaiku kanggo muasaké para pamimpin nagari kang mèlu gabung karo dhèwèké nalika ana ingperang Chu-Han.[1]