Dina Hangul | |
---|---|
![]() Hunmin Jeongeum Eonhae | |
Jeneng resmi | Dina Hangul (한글날) Dina Chosŏn'gŭl (조선글날) |
Uga ingaran | Dina Proklamasi Hangul Dina Aksara Koréa |
Dipèngeti | WargaKoréa Lor karoKoréa Kidul |
Jinis | Nasional, budaya |
Ancas | Mèngeti pangriptaning aksara Hangul |
Tanggal | 9 Oktober (Koréa Kidul) 15 Januari (Koréa Lor) |
Frékuwènsi | Taunan |
Dina Aksara Koréa, uga diaraniDina Hangul (한글날) ana ingKoréa Kidul utawaDina Chosŏn'gŭl ana ingKoréa Lor, iku dina nasional Koréa kanggo mèngeti pangriptaningaksara Hangul (한글; 조선글), ya iku aksara sing dienggo nulisakébasa Koréa. Aksara Hangul mono diripta déning ratuning Koréa abad kaping 15 aran Prabu Sejong Agung. Dina Hangul dipèngeti saben tanggal 9 Oktober ana ingKoréa Kidul lan saben tanggal 15 Januari ana ingKoréa Lor. Ing taun 2013, Dina Hangul dikukuhaké minangka dina prèi nasional ing Koréa Kidul.[1]
Ana ing Koréa Kidul, dina gedhé iki diaraniDina Proklamasi HangulutawaDina Hangullan dipèngeti saben tanggal 9 Oktober.
Ana ingKoréa Lor, dina gedhé iki diaraniDina Chosŏn'gŭl lan dipèngeti saben tanggal 15 Januari. Tanggal iki kasil ngepasaké tanggal lawas 15 Januari 1444 (1443 ing pananggalan rembulan).[2]
Sadurungé aksara Hangul ana, wong-wong ing Koréa (ingaran wong Joseon dhèk kala samana) nulis nganggo aksara Cina Klasik lan aksara-aksara fonètis asli sing wis ana sadurungé aksara Hangul ana, kaya ta idu, hyangchal, gugyeol, lan gakpil.[3][4][5][6] Nanging, amarga basa Koréa lan basa-basa Cina iku béda banget, lan ing aksara Cina akèh huruf sing kudu diapali, wong-wong cilik padha kangèlan nalika sinau nulis nganggo aksara Cina, apa déné padha ora kuwawa sekolah. Kanggo ngatasi masalah iku, Prabu Sejong ngripta aksara mirunggan sing saiki diarani Hangul supaya wong-wong padha bisa maca lan nulis.[7]
MiturutSejong Sillok (세종실록;世宗實綠), Prabu Sejong mbiwarakaké pambabaréHunmin Jéongéum (훈민정음;訓民正音), ya iku sawijining layang sing ngandharaké aksara rékan anyar. Duk nguni, jeneng aksarané padha karo jeneng layangé mau. Lelakon iku katindakaké ing wulan kaping sanga ingpananggalan rembulan taun 1446.
Ing taun 1926, Paguyuban Basa Koréa sing duwé ancas nguri-uri basa Koréa sing nalika iku ngalami Jepangisasi[8] mèngeti 480 taun ambal warsané aksara Hangul ing dina pungkasan wulan kaping sanga ing pananggalan rembulan, sing tiba ing tanggal 4 Novèmber ingpananggalan Grégorius. Warganing paguyuban mau mratélakaké yèn ing tanggal iku dina pèngetan "Gagyanal" (가갸날) pisanan digelar. Jeneng pèngetan mau dijupuk saka tembung "Gagyageul" (가갸글), ya iku aran lawas kanggo aksara Koréa sing dhedhasar larik kapisan ing déntawyanjananing aksara Hangul "ga gya geo gyeo" (가갸거겨). Jeneng dina pèngetan mau banjur diganti dadi "Hangullal" ing taun 1928 kanthi njupuk tembung "hangul" sing diripta ing taun 1913 déning Ju Si-gyeong. Jeneng sing kèri iki banjur dadi tetenger tumraping aksara Koréa, déné dina pèngetané lestari ditindakaké manut pananggalan rembulan.
Nalika taun 1931, dina pèngetan mau dialihaké ing tanggal 29 Oktober manut pananggalan Grégorius. Sanajan ta mangkono, nalika taun 1934 ana panemu yèn pananggalan Julius iku sing dienggo ing taun 1446. Mulané, tanggal pèngetané dialihaké manèh ing tanggal 28 Oktober.
Rikala taun 1940, kupiya asli Hunmin Jeongeum Haerye ditemokaké. Hunmin Jeongeum Haerye iku layang wedharan babHunmin Jeongeum sing dibabar ora suwé sawiséHunmin Jeongeum dibabar. IngHunmin Jeongeum Haerye, diandharaké yènHunmin Jéongéum iku dibiwara ing dalem sapuluh dina wiwitan (sangsun;상순;上旬) ing wulan kaping sanga. Dina kaping sapuluh ing wulan kaping sanga ing pananggalan rembulan 1446 iku ngepasi tanggal 9 Oktober ingpananggalan Julius. Sayasané pamréntahanKoréa Kidul ing taun 1945, Dina Hangul dikukuhaké minangka dina pèngetan resmi sing dipèngeti saben tanggal 9 Oktober, déné punggawa praja prèi ing dina iku.
Pangusaha-pangusaha gedhé ndhesek pamaréntah Koréa Kidul supaya ngundhakaké cacahé dina kanggo ngambut gawé. Ing taun 1991, status dina Hangul minangka dina prèi dijabut kanggo minangkani Dina Pasarékatan Bangsa-Bangsa. Sanadyan mangkono, Dina Hangul isih duwé status resmi minangka dina pèngetan nasional. Paguyuban Hangul banjur kampanye supaya statusé dibalèkaké, nanging ora patiya kasil. Ing tanggal 1 Novèmber 2012, paguyuban mau menang swara ing Parepatan Nasional, 189 swara katandhing 4 swara (mawa 4 sing abstèn) sing nyengkuyung pamulihé status Dina Hangul. Dudutané parepatan mau ndhesek pamréntahan Lee Myung Bak supaya ngukuhaké Dina Hangul minangka dina prèi nasional. Pandhesek mau banjur dituruti pamréntahan Lee Myung Bak lan owah-owahan dicakaké ing taun 2013.[9][10]
Ing taun 2009, ana ing pèngetan kaping 563 pangriptané aksara Koréa déning Prabu Sejong, reca prunggu Prabu Sejong Agung saka Joseon sing dhuwuré 6,2 mèter lan boboté 20 ton dikukuhaké ing Alun-Alun Gwanghwamun ingSeoul.[11][12]
They later devised three different systems for writing Korean with Chinese characters: Hyangchal, Gukyeol and Idu. These systems were similar to those developed later in Japan and were probably used as models by the Japanese.
{{cite journal}}
:|volume=
has extra text (pitulung);Cite journal requires|journal=
(pitulung){{cite journal}}
:|volume=
has extra text (pitulung);Cite journal requires|journal=
(pitulung)