Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Pancawara punika ugi asring dipunwastanipasaran utawipeken kanthi pétungan gangsal (5) dinten. Ing salebeting sistem pananggalan Jawi lan Bali, wonten kalih jinis siklus wekdal: siklus minggon lan siklus pasaran. Ing salebeting siklus minggon, satunggal minggu dipunpérang dados pitung dinten, kados déné ingkang dipuntepangi sadinten-dinten inggih punika dinten Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah, Setu, lan Ngaat utawi Minggu. Ing salebeting siklus pasaran, satunggal pasar utawi peken dumados saking gangsal dinten pasaran inggih punika:Pahing,Pon,Wagé,Kliwon,Legi1/umanis2.
Miturut kalèndherJawi, saben dinten lan tanggal ing sistem kalèndherMasèhi tansah gadhah kalih warni nama dinten. Tuladhanipun: tanggal1 Januari2001 punika dinten Senèn-Pahing, salajengipun tanggal2 Januari2001 dinten Selasa-Pon, lanjeng dipunterasaken dinten Rebo-Wagé, dipunsusul dinten Kemis-Kliwon, Jemuwah-Legi, Setu-Pahing, Ngaat-Pon, Senèn-Wagé, Selasa-Kliwon, lan salajengipun. Kombinasi kalih jinis dinten punika ngantos sapriki taksih dipunanggé ing panerbitan tanggalan utawi layang kabar abasa Jawi, kadosKoranKedaulatan Rakyat ingkang kababar ing kithaYogyakarta.
Sadwara punika nganggé pétungan enem dinten. Para ahli arkéologi nduga bilih sadwara punika asli saking Jawi. Sapunika, pétangan punika boten dianggé malih ing Jawi. IngBali, pétungan dinten punika taksih dipunanggé.