Magnoliopsida iku jenengbotani kanggonékelastetuwuhan. Jeneng iki diwangun kanthi ngganti panambang-aceae saka jenengMagnoliaceae nganggo panambang-opsida (Pasal 16 sajeroningICBN). KelasMagnoliopsida dianggo jenengtakson tumrap kabèhtetuwuhan ngembang dudumonokotil lan duwé sipatpolifiletik. Magnoliopsida iku jeneng kang dianggo nggantèkaké jeneng lawasDicotyledoneae (kelas tetuwuhan dikotil, utawa agodhong lembaga loro).
SistemKlasifikasi APG II, kang mbaka sethithik tansaya populèr, ora migunakaké jeneng iki manèh. Luwih adoh, sistem iki nemu yèn sajeroning golongan iki ana paling ora pituklade kang béda kanthi genetik. Saka kapitu klade iki, ana siji golongan gedhé kang monofiletik kang duwé ciri-ciri kasMagnoliopsida kanthi konsisten lan karaneudicots ("dikotil bener/sajati"). Ironisé,Magnoliaceae ora kalebu sajeroning dikotil sajati.