Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Decepticons

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
logonipun Decepticons

Decepticons (utawi ingkang kawastananDestrons utawiDeathtrons wonten ingJepang) punika salah satunggaling paraga/tokoh baku sakingAutobots. Decepticons punika grup ingkang gadhah watakantagonis wonten ing serialTransformers. Para Decepticons punika saged memba (éwah) dados manéka werna barang, kadostamobil,motor mabur lan ugi piranti ing militer. Decepticons punika dipunpimpin déningMegatron lan ugiGalvatron. Kathah-kathahipun Decepticons punika gadhah warniungu lan ugi gadhahmata ingkang warniabrit. Salah satunggaling ingkang damel ungguling para Decepticons punika nalika wonten nginggil, amargi kathahipun anggota Decepticons punika saged mabur, béda kaliyan para Autobots ingkang paling ahli wonten dalan-dalan.

Pangertosan sanès Decepticons wonten ing sapérangan basa ing antawisipun:Decepticans' (ingPrancis),Distructors (ingItalia),Robotikák uatwiÁlcák (ingHungaria),Robotikus (ingMalaysia),Decepticonit (ingFinlan),Bedragarna (ingSwèdhen) lanShakranikim (ingIsrael).

Sami kados déné Autobots, Decepticons punika ugi gadhah saperangans sekutu, ing antawisipunConstructicons,Insecticons,Combaticons,Terrorcons,Predacons, lanSeacons.

Transformers G1

[besut |besut sumber]

Kados déné Autobots, Decepticons punika satunggaling grup robot ingkang dipundame déningQuintessons minangka piranti kanggé kegiyatan militer (wondene Autobots punika kanggé komersial). Salah satunggaling ingkang damel Decepticons ungguh tinimbang Autobots inggih punika wonten ing teknologinipun, sedaya anggota Decepticons punika saged mabur wondene Autobots punika boten saged.

Sangang yuta taun kapungkur,Megatron kanthi tegel mateni sedaya pemimpin Autobots. Piyambakipun lajeng dados idola saking robot enem ingkang anama orion Pax amargi kemampuan maburipun wau. Nalika Pax kepanggih kaliyan Megatron, piyambakipun boten ngira bilih Megatron punika gadhah watak ala. Pax lajeng dipunpateni déning Megatron. Nanging wonten setunggal kelompok robot ingkang boten dipunmangertosi (inggih punikaAerialbots) ingkang kasil nulungi Pax. Awakipun Pax ingkang sampun ajur lajeng dipunbeta dhateng bengkel kagunganipunAlpha Trion lajeng pungkasan dipunrakit malih dadosOptimus Prime.

Sekawan yuta tahun saklajengipun, pihak Decepticons ingkang sampun nampi kabar bilihAutobots badhe nilar Cybertron ingkang nembe nglampahi krisis energi. Boten dangu saking punika, Megatron nututi Autobots kanggé ngalahaken. Nalika kapal Autobots lan Decepticons kepanggih wonten ing akasa, boten sengaja gaya gravitasi Bumi narik satemah kekalih Autobots saha Decepticons mapan wonten ing PlanetBumi. Pesawat Autobots lan Decepticons lajeng nglampahi kacilakan kanthi nabrak gunung berapi.

Nalika taun 1984 utawi gansal yuta tahun saksampunipun kacilakan kasebat, gunung kasebat nglampahi erupsi lan damelcomputerTeletraan urip malih. Kanthi ngginakaken satelit mini, Teletraan damel sedaya anggota Transformers punika gesang malih. Ingkang langkung rumiyin urip inggih punika Decepticons, lajeng nembe Autobots. Saklajengipun Autobots pikantuk rencang manungsa nalika wonten ing Bumi. Wondene Decepticons badhe ngumpulaken energi ingkang sakkathah-kathahipun lan menawi saged dumugi telas nalika sami wonten ing Bumi. Lajeng energi kasebat badhe dipunkintun dhatengShockwave ingkang wonten ing Cybertron kanthi ngginakakenjembatan akasa.

Nanging boten sakterusipun pihak Decepticons punika musuhan kaliyan Autobots. Sae Megatron menapa Optimus Prime punika naté nglampahi kerja sareng-sareng, ing antawisipun kanggé damel mandeg tumindakipunInsecticons sareng kaliyanCombaticons ingkang gadhah kekarepan badhe nabrakaken Bumi kaliyan Cybertron.

Nalika taun 2005, Decepticons punika saged kasil nguasani Cybertron, nanging namung sekedhap saderengipun serangan ageng ingkang asalipun sakingUnicron, ing mriku Cybertron saged dipunkuasani déning Autobots. Wonten ing perang ageng kasebat, rawuh ugi pihakQuintenssons ingkang sampun dangu ical amargi boten saged ngendalekaken Autobots lan Decepticons. Piyambakipun punika gadhah kekarepan badhe musnahaken Autobots lan ugi Decepticons kanthi mendhet kendali Cybertron malih. Kangge nglajengaken kekarepan kasebat, Quintessons kadosdene mihak marang Decepticons ingkang samenika dipunpimpin déningGalvatron (reinkarnasi saking Megatron).

Pungkasan Decepticons punika kalah wonten ing perang wau. Satemah Galvatron punika badhe pados galaksi sanesipun ingkang saged dipunkalahaken lajeng nyumanggakaken dhateng Autobots supados seneng-seneng wonten ing Cybertron lan ugi wonten ing Bumi.

Transformers: Animated

[besut |besut sumber]

Wonten ing serial enggalTransformers: Animated, Decepticons punika medal kanggé madosi Allspark. Saksampunipun kasil anggenipun ngidentifikasi barang ingkang sampun dipunpanggihaken déningOptimus Prime, Megatron punika lajeng gadhah inisiatif kanggé nyerang Autobots lan ngrebut Allspark, nanging kanthi boten dipunmangertosi déning Megatron, Starscream nempel bom wonten ing awakipun Megatron. Wondene nalika piyambakipun nyerang Autobots, bom kasebat lajeng njebluk. Sinaosa Megatron punika boten mati, Optimus punika saged ngajuraken Megatron satemah dhawah dhateng Bumi wonten ing wewengkonDetroit lajeng mustakanipun saged kapanggihaken déningIsaac Sumdac.

Seket taun salajengipun, Starscream punika kepengin ngrebut Allspark saking Autobots, nanging boten kasil. Boten dangu saking punika Megatron bangkit malih mawi kunci ingkang sampun wonten ing astanipunSari Sumdac. Kanthi dipunbiyantu déningCOnstructicons, Megatron punika saged kasil pikantuk badan ingkang enggal, nanging Starscream malah mati nalika tarung kaliyan Autobots.

Megatron lajeng ngripta pasukanDinobots ingkang samangke malah kerjasama kaliyan Autobots. Mangertos bilih usahanipun boten kasil, Megatron lajeng damelSoundwave lajeng dipunparingaken dhateng Sari minangka bebungah tanggap warsa. Usahanipun Megatron boten kasil malih, lajeng pungkasan piyambakipun nglawan Autobots.

Transformers film

[besut |besut sumber]

Film 2007

[besut |besut sumber]

Wonten ingfilmTransformers karyanipun sutradaraMichael Bay punika, Decepticons medal kaliyan kathah anggota kadosdene Megatron,Starscream,Frenzy,Blackout,Barricade,Scorponok,Devastator, lanBonecrusher. Nanging namung kalih ingkang tasih urip dumugi pungkasaning cariyos film punika inggih punika Starscream lan Scorponok.

Revenge of the Fallen

[besut |besut sumber]

Wonten ing film sekuel Transformer 2007 punika, Decepticons medal kanthi kekiyatan enggal kanggé paring piwales awit kalahipun Decepticons marang Autobots. Decepticons punika taksih dipunpimpin déning Megatron saksampunipun dipunbangkitaken déning Doctor kanthi ngginakaken pecahan Allspark ingkang saged ngasilaken energon.

Pirsani ugi

[besut |besut sumber]

Pranala njawi

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Decepticons&oldid=1641905"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp