José Daniel Ortega Saavedra (lair ing La Libertad , Chontales , 11 Novèmber 1945 ; umur 80 taun ) ikuPrésidhèn Nikaragua saiki.[ 1] Daniel Ortega iku pemimpin wigati ingFront Pembebasan Nasional Sandinista (Frente Sandinista de Liberación Nacional utawaSandinista National Liberation Front , disingkatFSLN ).[ 1]
Daniel Ortega iku dadi pemimpin pamaréntahanMarxis Nikaragua nalika taun1985 -1990 .[ 1] Daniel Ortega dilantik ing upacara pelantikanprésidhèn nalika tanggala10 Januari 2007 .[ 1] Acara pelantikan periode kang nomer loro ditekani karoPrésidhèn Venezuela kang jenengéHugo Chavez lanPrésidhèn Bolivia kang jenengéEvo Morales .[ 1] Daniel Ortega ngucapaké sumpah ingPlaza Nonblok Omar Torrijos .[ 1] Ing alun-alun itu, Ortega ngakoni kekalahané sakaVioleta Barrios de Chamorro sawisé pemilu tanggal25 Fèbruari 1990 .[ 1]
Ortega kanthi iklas ngeculake kekuwasaan sawisé kalah karoVioleta Barrios de Chamorro ingpemilihan umum présidhèn taun 1990 , nanging Daniel ortega tampil dadi tokoh oposisi ing nagarané.[ 1] Sawisé kalah ing pemilihan umum présidhèn nalika taun1996 lan2001 , Daniel Ortega menang ingpemilihan présidhèn 2006 .[ 1]
Ortega lair ing kulawarga kelas menengah ingLa Libertad , departemenChontales .[ 2] Daniel Ortega aktif nglawan rezimAnastasio Somoza Debayle .[ 2] Daniel Ortega tau ditahan amarga kagiyatan politiké nalika umur 15 taun.[ 2] Nalika taun1963 Daniel lumebu ingUniversitas Amérika Tengah ingManagua .[ 2] Sawisé iku, daniel banjur nggabung karo FSLN.[ 2] Daniel Ortega nikah karoRosario Murillo lan nduwé anak kang cacahé pitu.[ 2]
Ing Nopember 2021, Daniel Ortega, kapilih maneh kanggo periode limang taun kaping papat kanthi 75% suara, miturut asil resmi parsial pisanan sing dirilis dening Dewan Pemilihan Tertinggi.