Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Christina Aguilera

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Christina Aguilera
Christina Aguilera
Pratélan latar wuri
Jeneng lairChristina Maria Aguilera
ParabanX-tina
SakaPittsburgh,Pennsylvania,Amérikah Sarékat
GénrePop
R&B
PakaryanPenyanyi
Panulis lagu
Filantropis
Mangsa akarya1998–saiki
LabèlRCA
Sana jaringanwww.christinaaguilera.com

HIDDEN ERROR: Usage of "Birth" is not recognized

Christina Maria Aguilera (lair ingPulo Staten,New York,Amérikah Sarékat,18 Dhésèmber1980; umur 44 taun) ya ikupenyanyi lan panulis laguAmérika kang ditepungi duwé kemampuan vokal lan gaya saka busanané kang èksèntrik utawaseksi.[1][2][3] Gaya busanané akèh ditiru déning sapérangan artis liyané lan uga nom-noman ana ing nagara-nagara liyané.[2] Akèh para kalangan kang mbandhingaké swarané karo penyanyiMariah Carey lanWhitney Houston.[1]

Christina duwé papatsingle kang bisa mapan ana ing nomer siji dhaftarBillboard Hot 100, kaya taGenie In A Bottle (1999),What A Girl Wants lanCome On Over Baby (All I Want Is You) (2000) ugaLady Marmalade (2001).[2][3] Saliyané 4single kang ana ing posisi puncak, single saka Christina Aguilera uga ana ing posisitop ten, kaya taI Turn To You (2000),Beautiful lanAin't No Other Man (2006) lan ugaKeeps Gettin' Better (2008).[2][3]

Dhebut album pisanané ya ikuChristina Aguilera (1999) lanBack to Basics (2006) mèlu mapan ing urutan pisanan dhaftar 200 album paling laris vèrsiBillboard Music Chart kanthi angka pangadolan punjul 250.000 iji lan 346.000 iji ana ing pétungan wektu 1 minggu wiwit album mau dirilis menyang pasaran Amérika.[2][3] Album nomer loro saka Christina,Stripped (2002) mapan ana ing posisi nomer loro kanthi angka pangadolan punjul 330.000 iji, déné album natal pisanané ya ikuMy Kind of Christmas (2000) mung bisa manggon ana ing posisi nomer 28.[2]Mi Reflejo kang diluncuraké nalika taun 2000 uga bisa manggon ana ing posisi puncak pangadolan album paling laris vèrsiBillboard Latin Album.[2]

Sadawané kariré, Christina Agulera wis olèh nominasiGrammy Awards utawanéLatin Grammy Awards kaping 18.[2] Christina uga wis kaping papat olèh 4Grammy Awards kanggo kategoriBest New Artist (2000),Best Female Pop Vocal Performance (Beautiful - 2004 lanAin't No Other Man - 2007) lanBest Pop Collaboration with Vocals bareng karo P!nk, Li'l Kim lan Mya kanggosingleLady Marmalade nalika taun 2002.[2] Ana ingLatin Grammy Award, Christina uga olèh bebungah kanggo kategoriBest Female Pop Vocal Album (2001) kanngo albumbasa Latin pisanané ya ikuMi Reflejo.[2]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. ab"www.biografitokohdunia.com". Diarsip sakasing asli ing 2011-12-10. Dibukak ing2011-08-09.
  2. abcdefghijwww.imdb.com
  3. abcd"www.biography.com". Diarsip sakasing asli ing 2011-06-12. Dibukak ing2011-08-09.


Tandha stubArtikel biografi iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Christina_Aguilera&oldid=1676637"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp