Chelsea F.C. (Chelsea Football Club), uga kaloka minangkaThe Blues utawa sadurungéThe Pensioners, yaiku salah sawijining klub bal-balan utawasepakbolaInggris kang main ingLiga Utama Inggris lan duwé markas ing kuthaLondon. Klub iki didhegaké déningH.A. Mears ana ing taun1905, lan nduwé lapangan dhéwé kang bisa nampung 41.631 penonton, dumunung ingFulham,London Kulon.
Chelsea wis malang mégung ing sajarah sepakbolaInggris, lan ngalami sukses rong kalamangsa, yaiku taun1960-an lan awal1970-an, sabanjuré ing akir1990-an nganti wektu iki. Chelsea wis njuarai gelarLiga Utama Inggris kaping lima (1954-55, 2004-05, 2005-06, 2009-10, lan 2014-15),Piala FA kaping pitu (1970, 1997, 2000, 2007, 2009, 2010, lan 2012),Piala Liga kaping lima (1965, 1998, 2005, 2007, lan 2015), lanPiala Winners kaping pindho yaiku ing taun 1971 lan 1998.
Manajeré sing sepisanan yaikuJohn Roberson (1905-1906). Chelsea dadi juaraLiga Utama Inggris (Premiership) ana ing taun1955 nalika mangsa kalungguhanTed Drake minangka manajer.
Chelsea dadi juara Liga Utama Inggris manèh sawisé 50 taun, yaiku ing taun2005, nalika mangsa kalungguhan manajerJose Mourinho (2004-saiki), kang olèh panjurung penuh saka sing nduwé klub, milyader lenga patra keturunan Ruslan,Roman Abramovich.
Ana ing taun (2005) uga, Chelsea njuaraiPiala Carling sawisé ngalahakéLiverpool. Taun 2006, Chelsea bisa njuarai Liga Utama Inggris manèh. Taun 2007, Chelsea kasil dadi juara Piala Carling sawisé ngalahakéArsenal 2-1 lan juara Piala FA sawisé ngalahakéManchester United 1-0 liwat babak perpanjangan wektu.
Chelsea nduwé sawatara juru main Inggris kang dianggep paling apik wektu sakiwa-tengené taun 2004-2012, antaranéJohn Terry (kapten) lanFrank Lampard.
Chelsea dadi juwaraLiga Champions UEFA taun 2012 sawisé ngalahaké Bayern Munchen ing final tanggal 20 Mèi 2012 kanthi skor 4-3 (adu penalti)[2].