Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Charles Richet
Charles Robert Richet (Paris, 25 Agustus 1850, séda tanggal 4 Dhésèmber 1935) inggih punika salah satunggaling ahli wonten ing ngèlmufisiologiPerancis ingkang miwiti manéka panalitén, kados taneurokimia, sistem pencernaan, termoregulasi kéwan kéwan "berdarah panas" utawi ingkang asring dipunsebut minangkaHomoiterm, lan ugi babagan sistem pernafasan. Piyambakipun dipunparingi gelarprofesor wonten ing babagan ngèlmu fisiologi déningCollège de France wonten ing taun1887 lan ugi dados anggotaAcadémie de Médecine nalika ing taun1898. Wonten ing taun1914, piyambakipun kagabung kaliyanAcadémie des Sciences.[1]
Piyambakipun menangaken Bebungah Nobel wonten ing babaganfisiologi lankadhokteran nalika taun1913 kanthi karyanipun babagananafilaksis (istilah Charles Robert Richet kanggéé kaanan reaksi alergi). Panalitén punika mbiyantu ngandharaken kathah prakawis wonten ing babagan medis kados taasma lan ugi ngandharaken sapérangan kasusintoksikasi lan séda dadakan ingkang sadéréngipun boten saged dipunmangertosi.[2]
Piyambakipun ugi tumemen wonten ing babaganhipnosis. Nalika taun1891, Charles Robert Richet mungkasakenAnnales des sciences psychiques. Piyambakipun ugi gadhah gayutan kaliyan para ahli supranatural wonten ing jamanipun, kados ta Albert von Schrenck-Notzing lan ugi Frederic William Henry Meyers. Nalika taun1905 Robert Richet dados ketua sakingSociety for Psychical Research wonten ing nagaraInggris. Piyambakipun lajeng ngawontenaken sawijining ékspérimén kaliyanMarthe Béraud,Elisabette D'Espérance,William Eglinton lanStefan Ossowiecki, saking asiling panaliténipun punika, piyambakipun damel "ektoplasma".[3]
Minangka salah satunggaling panaliti Robert Richet gadhah "ketertarikan" babagan andharan fisik kanggé fenomena (kadadosan) paranormal.[4] Piyambakipun lajeng ngrembag téyori babagan fenomena paranormal wonten ing bukunipun ingkang gadhah judhulOur Sixth Sense (1928).[5] Piyambakipun ugi ngandharaken bilih sapérangan prastawamediumship saged dipunandharaken kanthi fisik amargi proyeksi eksternal zat bahan (ektoplasma) saking badan medium.[6]
↑Alvarado, C. S. (2006). Human radiations: Concepts of force in mesmerism, spiritualism and psychical research. Journal of the Society for Psychical Research, 70, 138–162.
↑Richet, C. (nd, ca 1928). Our Sixth Sense. London: Rider. (First published in French, 1928)
↑Richet, C. (1923). Thirty Years of Psychical Research. New York: Macmillan. (Translated from the second French edition)