Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Charles G. Dawes

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Charles G. Dawes
Charles G. Dawes


Masa jabatan
4 Maret1925  4 Maret1929
PresidenCalvin Coolidge
PendahuluCalvin Coolidge
PenggantiCharles Curtis

Lahir27 Agustus1865
Marietta,Washington County, Ohio
Meninggal23 April1951, usia 85
Evanston, Illinois
KebangsaanAmérika
Partai politikParté Républikan
Suami/IstriCaro Blymyer Dawes

Charles Gates Dawes miyos ingMarietta,Washington County,Ohio, nalika27Agustus1865. Piyambakipun lulus sakingMarietta College (1884) lanCincinnati Law School (1886). Lajeng piyambakipun mbikak praktikpengacara ingLincoln, Nebraska (1887-1894).[1]

Garwa sakingCaro Blymyer punika minangka tokoh keuangan lan perbankan ingkang kondhang ingAmérika Sarékat. Piyambakipun naté ngrantam konsèpRencana Dawes kanggé rehabilitasi pasca Perang Donya I. kanggé punika piyambakipun pikantuk Bebungah Nobel Bedhamèn.

Charles gadhah 2 putra kandung (Rufus F. Dawes lanCarolyn Dawes) lan 2 putra angkat (Dena McCutcheon lan Virginia). Nalika taun1912, salah satunggaling putranipun, Rufus, ketilem lan tilar donya ingDanau Jenewa,Switserlan, nalika kulawarganipun liburan. Saperlu ngenang punika, Dawes damel 2 griya singgah ingBoston lanChicago.

Dawes naté njabat ing manéka posisi, inggih punika Comptroller Of Currency ingDepartemen Keuangan AS (1898-1901) ing pundi piyambakipun sukses ngempalaken USD 25 yuta saking bank-bank ingkang kolaps sadangunipun Kepanikan1893, lan ugi ngewahi praktik perbankan saperlu nyegah bab ingkang sami ing samangke. Sabibaripun punika nalika taun1901, piyambakipun ninggalaken Departemen Keuangan saperlu ngrebut kursiSenat AS saking prajaIllinois. Piyambakipun yakin kanthi pambiyantu saking papréntahanWilliam McKinley, nanging sabibaripun rajapejah tumrap Présidhèn McKinley, upayanipun gagal. PrésidhènTheodore Roosevelt langkung milih lawan Dawes kanggé kursi Senat punika. Lajeng Dawes langkung milih mandheg sakingpulitik lan mbiyangun perusahaanCentral Trust Company of Illinois lan dados présidhèn direktur dumugi taun1921.

Dawes dipunpilih minangka wakil présidhèn kaping 30 lan njabat antawis4Maret1925 -3Maret1929.[2] Sasampunipun, piyambakipun dipunangkat minangkaduta besar kanggéInggris (taun1929-1932). Piyambakipun rumaos pakaryanipun hina amargi nepangaken wanita-wanita Amérika dhateng Raja Inggris.

Dawes ugi misuwur minangka pancipta komposisiMelody in A Major nalika taun1912. Komposisi punika lajeng kondhang minangkaIt's All in the Game ing pundiCarl Sigan nambahaken lirikipun nalika taun1951. Lagu punika dipunbektakaken déningTommy Edwards lan dados hit angka 1 taun1958! Para artis sanès ingkang ugi naté mbektakaken lagu punika kados taThe Four Tops,Tom Morrison,Cliff Richards,Brook Benton,Elton John lanBarry Manilow.

Dawes séda ingEvanston nalika 23April1951 lan dipunsarekaken ingChicago,Illinois.[3]


Kang sadurungé
Director of the U.S. Office of Management and Budget
23 Juni1921 -30 Juni1922
Kang sawisé
Herbert Lard
Kang sadurungé
Calvin Coolidge
Kandidat Wakil Présidhèn dari Parté Républiken
1924 (menang)
Kang sawisé
Charles Curtis
Kang sadurungé
Calvin Coolidge
Wakil Présidhèn Amérika Sarékat
4 Maret1925 -4 Maret1929
Kang sawisé
Charles Curtis


Cathetan suku

[besut |besut sumber]
John Adams ·Thomas Jefferson ·Aaron Burr ·George Clinton ·Elbridge Gerry ·Daniel D. Tompkins ·John C. Calhoun ·Martin Van Buren ·Richard Mentor Johnson ·John Tyler ·George M. Dallas ·Millard Fillmore ·William R. King ·John C. Breckinridge ·Hannibal Hamlin ·Andrew Johnson ·Schuyler Colfax ·Henry Wilson ·William A. Wheeler ·Chester A. Arthur ·Thomas A. Hendricks ·Levi P. Morton ·Adlai E. Stevenson I ·Garret Hobart ·Theodore Roosevelt ·Charles W. Fairbanks ·James S. Sherman ·Thomas R. Marshall ·Calvin Coolidge ·Charles G. Dawes ·Charles Curtis ·John Nance Garner ·Henry A. Wallace ·Harry S. Truman ·Alben W. Barkley ·Richard Nixon ·Lyndon B. Johnson ·Hubert Humphrey ·Spiro Agnew ·Gerald Ford ·Nelson Rockefeller ·Walter Mondale ·George H. W. Bush ·Dan Quayle ·Al Gore ·Dick Cheney ·Joe Biden
Lambang Wakil Presiden Amerika Serikat
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Charles_G._Dawes&oldid=1740272"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp