Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Chanpurū

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Somen chanpuru (Sōmen gorenge wongOkinawa

Chanpurū (チャンプルー,Chanpurū?) ya ikupanganan kasOkinawa[1][2] wujud gongsojanganan nganggoendhogpitik,tahu, utawa asring ditambahdagingbabi kaleng (spam). Bumbuneuyah,kecap asin, lanmrica sithik. Sawijining panganan chanpurū kang paling misuwur ya iku Gōyā Chanpurū (orak-arikparé). Ingbasa Ryukyu, "chanpuru" tegesé "campur bawur".

Janganan kang padatan bisa dimasak dadi chanpurū ya ikuparé,kul,bawang bombay,wortel,shiitake,tauge, lankucai.Sōmen lantahu uga kerep dadi bahan pokoke chanpurū. Masak chanpurū ora mbutuhake uyah lan kecap asin manèh yèn wis nganggo dagingbabi kaleng amarga rasané wisasin.

Ana manéka warna carita ngenani asl-usul jeneng panganan iki. Ana panemu bilihtembung "chanpurū" asalé saka tembung "campur"basa Indonesia.[3] Sanajan kaya mangkono, tetembunganbasa Jepang uga ngenal tembung "champon" kang tegesé "nyampur" utawa "masakan campur bawur".[4] Ingbasa Mandarin, "chān" () uga tegesé "nyampur".

Wong Okinawa bombong karo budayaRyukyu kang campur bawur karo kabudayan manca sakaAsia Tenggara,Cina, lanAmérika. BudayaOkinawa kerep diaranibudaya chanpurū (chanpurū bunka) déning wong Okinawa.

Réferènsi

[besut |besut sumber]
  1. "ちゃんぷるー" [Chanpuru].Dijitaru Daijisen (in Japanese). Tokyo: Shogakukan. 2012.OCLC 56431036. Archived fromthe original on 2007-08-25. Retrieved2012-12-17.
  2. "ちゃんぷるー" [Chanpuru].Nihon Daihyakka Zensho (Nipponika) (in Japanese). Tokyo: Shogakukan. 2012.OCLC 153301537. Archived fromthe original on 2007-08-25. Retrieved2012-12-17.
  3. "Chanpurū shokubunka". Doraku asahi.com. Dibukak ing12 Januari 2008.
  4. Sanseidō kokugo jiten (édhisi ka-Ed.3). Sanseidō. 1982.ISBN 4-385-13187-2.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniChampru.


Tandha stubArtikel magepokanpanganan iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Chanpurū&oldid=1615603"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp