Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Changchun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Salah sijiné pasar ing kutha Changchun

Changchun (Hanzi prasaja: 长春;Hanzi tradhisional: 長春;pinyin: Chángchūn) ya ikuibu kutha provinsiJilin kang manggon ing wếtan lautCina.[1] Changchun kalebukutha kang dadi punjerindhustriotomotif nagaraCina.[1] Changchun duwé populasi kurang luwih pitung yuta wong.[1]Kutha Changchun iku kutha rada sithik polusiné lan duwé sajarah kang apik.[1] Kurang luwih taun1932-1945 kutha iki dadi ibu kuthaManchukuo kang dipanggedhèni karo kaisar kang pungkasan (the Last Emperor),Pu Yi.[1] Nalika iku digawé uga miniaturKota Terlarang utawa (Forbidden City).[1]Keledai langrobak isih dadi piranti transportasi kang utama nganti saiki.[1] Nalika taun2007, Changchun dadi tuan rumahAsian Games Mangsa Dingin 2007.[1]

Sajarah

[besut |besut sumber]

Nalika taun1800,KaisarJiaqing saka wangsaQing milih salah sawijiné désa cilik ing sisih wétan kaliYitong lan mènèhi jeneng laladan iku "Changchun Ting".[1] Jeneng iki nalika taun1889, diganti dadi "Changchun Fu".[1]Nalika taun1930, penjajahJepang nyerbu laladan wétanlaut Cina, lan ngedegaké nagaraManchuria kanthi Changchun kang dadi kutha krajan saka nagara iku.[1] Jeneng Changchun banjur diganti dadiXinjing.[1]SawiséRépublik Rakyat Cina mardika lan wiwit reformasi lan pulitik buka pintu lumaku, banjur kadadéan owah-owahan ing Changchun.[1] Saiki, Changchun dadi kutha indhustri,agrikultura lan kutha dagang.[1]

Dhaếrah Perkembangan Ékonomi Jiutai Changchun duwé upaya kanggo ngundhakakéiklim investasi kanthi cara yasadalan-dalan lan pipabanyu.[2] Saliyané iku uga kanthi masang lampu dalan lan nggawé sirkuit sumberlistrik lan komunikasi.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnindonesian.cri.cnArchived 2009-04-10 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 16 Agustus 2011)
  2. abcic.mofcom.gov.cnArchived 2015-06-03 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 16 Agustus 2011)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Changchun&oldid=1736211"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp