Cempedhak | |
---|---|
![]() | |
Woh cempedhak | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Morales |
Famili: | Moraceae |
Génus: | Artocarpus |
Spésies: | A. integer |
Jeneng binomial | |
Artocarpus integer (Thunb.) Merr. |
Cempedhak iku tetuwuhan woh-wohan saka familiMoraceae. Wangun woh, rasa lan wanginé kayanangka, sanajan gandané sing tajem banget mèmper wohdurén.
Tetuwuhan iki asalé sakaAsia Kidul-Wétan, lan nyebar wiyar wiwit saka wewengkonTenasserim ingBurma,Ujung Malaya kalebuThailand, lan sapérangan Kapuloan Nuswantara:Sumatra,Borneo,Sulawesi,Maluku tekanPapua. Uga akèh ana ingJawa pérangankulon.
Dikenal kanthi wiyar mawa jeneng cempedhak utawa campedhak (Ingg.:chempedak), woh iki uga duwé sapérangan jenenglokal kayabangkong (wangun alasan, Malaysia),baroh (Kep. Lingga lan Johor),nangka beurit (Sunda),nangka cina (Jawa) lan liya-liyané.