Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Casus belli

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Casus belli ikutembungbasa Latin modhèren sing tegesé "Aksi utawa insiden sing nyumet kadadéan paprangan".Casus tegeséinsiden utawa kadadéan, lanbelli tegesé "perang". Sanajan tembung iki kaya-kaya wis suwé dianggo amarga mawa basa Latin, nanging sajatiné lagi muncul ing pungkasanabad kaping-19, kanthi munculédhoktrin pulitik "jus ad bellum", utawa dhoktrin ngenani perang sing sah.

Sawijiningpamaréntahan sing nyatakaké perang bakal njlèntrèhaké sebab-sebabé lan kaanan sing mbeneraké perang mau sajeroningcasus belli. Kanthi ngukuhaké jalaran-jalaran sing cetha, papréntahan iku nuduhaké yèn perang pancèn minangka dalan pungkasan ("ultima Ratio"), lan papréntahan mau duwé "sebab sing bener" ("just cause") kanggo miwiti perang.

Casus belli sing bener bisa dianggo sarana supayawarga nagara njurung perang mau. Yèn sawijining nagara nyerang nagara liya tanpa sebab sing cetha, ana kamungkinanrakyat ora sarujuk lan nganakaképambrontakan. Nanging ing jaman modhèren,casus belli luwih dianggo mbeneraké aksi perang tumrapé komunitas global, ya iku nagara-nagara liya lanmédhia.

Uga delengen

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Casus_belli&oldid=1621784"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp