Kalsium (calcium (Ca)), iku unsur élemènkimia, salah sawijinélogam alkalinbumi saka golongan 2 (IIa) ing tabel periodik.[2] Kalsium iku unsur logam kang akèh dhéwé sajeroningawakmanungsa lan élemèn kalima kang akèh dhéwé ing kerakBumi.[2]
Kalsium yaiku nutrisi kanggobalung.[3] Kira-kira 99% kalsium ana ing njero jaringan keras yaikubalung lanuntu.[3] 1% kalsium ana inggetih, lan jaringan lunak.[3] tanpa kalsium kang 1% iki,otot ngalami gangguan kontraksi, getih angèl mbeku, tranmisisaraf ana masalah, lan sapituruté.[3] kanggé njangkepi 1% kabetahan iki, awak njupuk panganan kang dipangan saka balung.[3] Upama panganan kang dipangan ora cukup, mangka dijupuk saka balung.[3] saé ngga balung bisa diarani cadangan kalsium.[3] Upama kadadéan iki selang wektuné suwé, mangka balung bakal ngalami keropos balung.[3] Kalsium zat kang dibutuhaké saka bayi nganti tuwa.[4] Cacahé kabutuhan kalsium dibedakaké miturut jinis kelamin lan umur.[4] Miturutdhoktergizi, kabutuhan wong-wongIndonésia iku antarané500-800 mg/dina.[4] Wektu wong kang wis tuwa lanwadon ménopause disaranke ngombé asupan kalsium1000mg /dina.[4]