Caelum (/[unsupported input]ˈsiːləm/) utawi ugi dipunsebatChisel inggih punika salah satunggalingrasi lintang ingkang alit ingkang mapan wonten ing belahan langit sisihkidul. Rasi lintang punika dipundamel déningastronomPrancis,Nicolas Louis de Lacaille ingabad kaping wolulas ing taun1750. Caelum gadhah nama asli "les Burins", lajeng ing basaLatin dadosCaela Sculptoris lan lajeng dipuncekak dados Caelum utawi "chisel".[1][2]
Rasi lintang Caelum gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 125 drajat persegi lan boten ngewrat kathah lintang ingkang dipunmangertosi minangkaplanit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali wonten ing garis lintang antawisipun +40° lan-90° saha badhé katingal ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasiJanuari. Rasi lintang Caelum inggih punika rasi lintang ingkang paling alit nomer wolu ing langit, kanthi laladan ingkang langkung alit tinimbang rasi lintangCorona Australis.Caelum boten gadhah kathah lintang ingkang padhangipun langkung saking sekawan magnitudo. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing salebeting rasi lintang punika inggih kados makaten.
Alpha Caeli, inggih punika lintang ingkang padhang piyambak wonten ing rasi lintang Caelum, kanthi gadhah magnitudo 4,45.
Lintang sanèsipun ingkang sampun dipuncathet inggih punikaGamma Caeli, ingkang dipunbentuk déning kalih sistem lintang.Gamma 1 Caeli inggih punika lintang binar kanthi gadhah cahya raksasaoranye tipe K. Lintang punika gadhah magnitudi +4,55 lan satunggal lintang pengamping kanthi magnitudo 8.Gamma 2 Caeli inggih ugi kalebet lintang binar kanthi gadhah cahya raksasa wenajene ngantospethak kanthi tipe F. Lintang punika gadhah magnitudo 6,32 lan ngewrat satunggaling lintang pengamping ingkang lemah.
Beta Caeli inggih punika lintang sanèsipun ing Caelum ingkang narik kawigatosan kanggé dipuntliti. Lintang Beta Caeli inggih gadhah cahya kurcaci jene ngantos pethak.
Delta Caeli inggih punika lintang cahya sub raksasa warnabiru ngantos pethak.
Nu Caeli inggih punika lintang ingkang gadhah cahya jene ngantos pethak. LanLambda Caeli inggih punika lintang ingkang gadhah cahya raksasaoranye.
Caelum ugi ngewrat objek lebet sanèsipun inggih punika NGC 1571, /NGC 1679 lan IC 2106. Dipunbetahakenteleskop ingkang amba kanggé ningali sapérangan objekNew General Catalog, kanggé sadaya galaksi, nanging boten wonten objek ingkang padhangipun langkung saking magnitudo 11,5 utawi ingkang langkung amba saking 3arcminutes.[3]