Cacah sirah utawasènsus yaiku lelakon nglumpukaké katerangan ngenani warganingcacah jiwa sarana paétung. Cacah sirah lumaku sajeroning babagandhémokrasi, contoné pamilu lan pangumpuling pajak, saha sajeroning babagan ékonomi.
Ana ing Indonésia, telung warna cacah sirah kalakokakéBadan Pusat Statistik, yaiku: cacah sirah wong dunung, cacah sirah tetanèn, lan cacah sirahékonomi. Cacah sirah wong dunung lumrahé kalaksanan saben taun sing dipungkasi angka "0" pisan ing 10 taun.
Cacah sirah wong dunung ingIndonésia diayahi taun 1961, 1971, 1980, 1990, 2000, lan 2010. Rong cacah sirah sing diayahi pamaréntahingIndhiya Nèderlan yaiku cacah sirah taun 1920 lan 1930.