Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Bronkitis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Paru-paru lan bronkus kang kaserang bronkitis

Bronkitis ya iku salah sawijinélelara amarga ana peradangan ingbronkus (saluran hawa menyangparu-paru).[1] Lelara iki padatan duwé sipat ringan lan ing pungkasané bisa mari kanthi sampurna.[1] Bronkitis kadadèn amarga ana infèksi, kaya ta radangtenggorokan,campak, lanwatuk rejan. Lelara iki disebabakévirus lanbaktèri.[1]

Peradanganselaput lendir ing saluran bronkialparu-paru nuwuhaké iritasi ing lapisan tipis wujud mèmbran ing saluran bronkial mau.[2] Banjur aboh lan dadi gedhé, saéngga nyiutaké lan bisa nutupi saluran hawa sakatrakéa tumujuparu-paru.[2] Ciuté saluran napas iki nuwuhakédahak lanlendir sing ngrangsangwatuk minangka réspon refleks sing makarya kanggo ngresiki cuwèran utawalendir saka paru-paru.[2]

Ing padatan, bronkitis asring kadadèn amargapilek utawa infèksi napas liyané.[3] Sawetara bronkitis kronis kahanané luwih parah, ya iku iritasi utawa peradhangan ingbronkus.[3] Kasenengan ngrokok dadi salah siji jalaran utaman kenalelara bronkitis.[3]

Jinis

[besut |besut sumber]

Miturut suwé kadadéyané, lelara bronkitis dipérang dadi loro, ya iku:

  • Bronkitis akut, perdhangan paru-paru kang suwéné seminggu nganti telung minggu. Padatan disebabaké infèksi virus lan baktèri, sarta bahan kimia kaya tambako.[2]
  • Bronkitis kronis, ya iku gangguan kang suwé ing endi peradhangan lan prodhuksi dahak bisa kadadéan paling sedhéla telung sasi ing wektu setaun. Padatan bronkitis kronis dialamipecandu rokok berat.[2]

Sabab

[besut |besut sumber]

Padatan bronkitis dijalari déning infèksi-infèksi paru-paru. Kira-kira 90% saka infèksi mau asalé sakavirus, 10% sakabaktèri.[4] Bronkitis kronis bisa dijalari siji saka sawatara faktor.[4] Serangan-serangan kang bola-bali saka bronkitis akut bisa nglemahaké lan ngiritasi saluran-saluran hawa bronkial lumantar wektu, bisa njalari dadi bronkitis kronis. Sabab liyané ya iku polusi indhustri.[4] Bronkitis kronis tinemu ing awak para pekerjatambang, bakul wiji pari-parian, wong nggawé cetakan metal, lan wong-wong liya kang terus kena bledhug.[4] Nanging, sabab mligi ya iku ngrokok kang abot lan suwé kang pungkasané ngiritasi tabung-tabung bronkial lan njalari paru-paru ngasilaké lendir kang akèh.[4] Tandha-tandha-tandha-tandha saka bronkitis kronis uga bisa tambah parah amarga ana sulfur dioksida lan polutan-polutan liya ingatmosfer.[4]

Tandha-tandha

[besut |besut sumber]
  1. watuk ana riyaké(dahak) uga bisa nganti ngandhut getih (ing dina sapisan manawa watuk garing)[5]
  2. rasa lara ingdhadha[5]
  3. rasa kesel[5]
  4. ngelu[5]
  5. awak krasa lara[5]
  6. panas dhuwur (demam)[5]
  7. mripat ngoyos[5]
  8. tenggorokané lara[5]
  9. ambegané seseg lan cendhak-cendhak[5]

Pangobatan

[besut |besut sumber]

Cara nambani kanthi konvensional kanggo bronkitis ya iku mawa cara-cara kang prasaja, kaya ta ngaso kang akèh, akèh ngombé ciran-cuwèran, ngindhari ablukrokok lan abluk-abluk, lan manawa éntuk resep kanggoinhaled bronchodilator utawa sirup watuk.[6] Ing kasus kang abot saka bronkitis akut,steroid-steroid kang dicecep utawaoral kanggo ngelongi peradhangan utawasuplemen oksigèn kang diprelokaké.[6]

Madu lanjeruklemon uga bisa dadi tamba lelara bronkitis amarga bisa ngènthèngaké watuk amarga bronkitis lan bisa ngadhemaké tenggorokan.[7] Madu lan jeruk lemon uga migunani banget kanggo nglonggaraké saluran ambegan kang macet amarga watuk lan gangguan liya amarga bronkitis.[7]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcSeputar BronkitisArchived 2012-10-12 at theWayback Machine.(diundhuh 20 September 2012)
  2. abcdePenyebab penyakit bronkitis kronis dan akutArchived 2012-09-19 at theWayback Machine.(diundhuh 24 September 2012)
  3. abcBronkitisArchived 2012-08-06 at theWayback Machine.(diundhuh 22 September 2012)
  4. abcdefInformasi tentang BronkitisArchived 2013-01-14 at theWayback Machine.(diundhuh 24 Januari 2013)
  5. abcdefghiBronkitis-Paru-paru BasahArchived 2012-10-29 at theWayback Machine.(diundhuh 24 Januari 2013)
  6. abPenyakit Pernapasan (bronkhitis)Archived 2013-03-06 at theWayback Machine.(diundhuh 21 Fèbruari 2013)
  7. abCara Mengobati Bronkitis(diundhuh 21 Fèbruari 2013)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bronkitis&oldid=1655340"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp