Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Boston Celtics

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Boston Celtics

Cithakan:Infobox NBA teamBoston Celtics inggih punika tim balbasket saking kuthaBoston,Massachusetts,Amérikah Sarékat ingkang kagabung wonten ingNational Basketball Association. Boston Celtics sapunika taksih nyepeng rékor juara NBA kanthi cacah kaping 17 (1957,1959,1960,1961,1962,1963,1964,1965,1966,1968,1969,1974,1976,1981,1984,1986 lan2008).[1]

Sajarah

[besut |besut sumber]

Celtics dipunbentuk nalika taun1946 minangka salah satunggaling tim wonten ingBasketball Association of America, lan dados bagyan saking NBA sasampuning penggabungan BAA dln National Basketball League. Tim punika kirang sukssè wonten ing taun-taun wiwitan, dumugi pelatihRed Auerbach rawuh. Salah satunggaling juru main kondhang ingkang kagabung kaliyan Bostons Celtics inggih punikaBob Cousy. Kajawi punika lajeng wonten ugi satunggaling rookie ingkang namaBill Russell ndhèrèk gabung taun1956. Russell lajeng dados bagyan ingkang boten kapisahaken saking sukssè Boston Celtics. Taun punika ugi Boston Celtics maju dhateng final lan ngawonakenSt. Louis Hawks wonten ing pitu (7) tetandhingan, punika minangka gelar juara Boston Celtics ingkang kapisanan. Taun1957, Boston Celtics wangsul malih nantang Hawks ing final lan kawon wonten ing 6 tetandhingan. Nanging sasampuning tambahan sakingK.C. Jones, Celtics miwiti sawijining dinasti ingkang badhé lumampah sadangu langkung saking satunggal dasawarsa.[2]

Taun1959, kaliyan Russell lan Jones, Celtics menangaken juara NBA sasampuning ngawonsakenMinneapolis Lakers. Taksih dipunlatih Auerbach, Celtics menangkan 7 kejuaraan candhakipun, saèngga 8 kanthi urut-turutan. Wonten ing wekdal punika, , Celtics kapanggih kaliyan Lakers ing final kaping 6, saèngga kekalihipun dados musuh bebuyutan. Celtics pungkasanipun kapanggih kaliyan Lakers kaping 10 wonten ing final. Sasampuning kejuaraan1966, Auerbach pensiun minangka pelatih nanging tetep dados General Manager, ingkang taksih dipuncepeng dumugi taun1980-an. Russell lajeng mendhet alih dados juru main-pelatih. Nanging taun punika Celtis kawon sakingPhiladelphia 76ers wonten ing Eastern Conference Finals. Tim ingkang wiwit sepuh punika lajeng menangaken malih 2 kejuaraan wonten ing taun1968 lan1969, nglawanLakers. Russell pensiun sasampuning mangsa tetandhingan1969, mungkasi dinasti ingkang sampun menangaken 11 kejuaraan NBA. Pemain-juru main wigati saking wekdal punika inggihSam Jones,John Havlicek, lanTommy Heinsohn.[3]

Awal mangsa 2007/08, Celtics ngrèkrutKevin Garnett sakingMinnesota Timberwolves lanRay Allen sakingSeattle SuperSonics. Sesarengan kaliyanPaul Pierce, juru main 3 punika dipunanggep saking kathah kalangan badhé damel Celtics wangsul malih dados kekiyatan ingkang nggegirisi Eastern Conference ugi NBA. Bab punika kabukti kanthi kasuksesanipun dados juara NBA mangsa punika sasampuning ngawonaken Lakers wonten ing 6 Game ingFinal NBA 2008.

Pemain Kondhang

[besut |besut sumber]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. http://www.nba.com/celtics/ Situs Resmi,
  2. http://www.nba.com/celtics/
  3. http://www.celticsblog.com/

Cithakan:NBA


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Boston_Celtics&oldid=1487838"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp