Éra Yeltsin punika mangsa dramatis salebetipun sajarah Ruslan — periode ingkang dipuntengeri kanthi éwah-éwahan pulitik révolusioner, dhémokrasi-sesarengan kaliyan wontenipun masalah ageng pulitik lan sosial, setunggil ing antawisipun inggih punika korupsi ingkang ngrajalela lan binuka.
Ing wulanJuni1991 Yeltsin minggah takhta sesarengan kaliyan gelombang pangajeng-ajeng ingkang inggil dhemi réformasipulitik lan kakuciwan kaliyan kakuwaosan kuminis.
Tanggal12 Juni Yeltsin dipunpilih minangka présidhèn Républik Sosialis Sovyèt Ruslan ingkang dipunbentuk dados fédherasi kanthi 57% saking swantun, dados présidhèn sepindhah ingkang dipunpilih kanthi langsung ingsajarah Ruslan.
Ing wulanAgustus1991, Yeltsin pikantuk pangalembana internasional amargi panjenenganipun kanthi kendel lan minangka satunggiling dhémokrat saged nglawan usaha kudhéta ingkang dipunlampahi déning kaum kuminis garis keras. Perkawis punika ing pungkasanipun mbeta ancuripun kuminisme nanging ugi ancuripun Uni Sovyèt, nanging ndadosaken Yeltsin minangka tiyang paling kiyat ingKremlin.
Émanipun panjenenganipun piyambak dados satunggiling autokrat otoritèr lan boten naté pikantuk malih popularitasipun lan panjenenganipun nilar kalungguhan nalika tanggal31 Dhésèmber1999 minangka tiyang ingkang dipunsengit. Panjenenganipun dipungantosaken déningVladimir Putin.
Panjenenganipun tilar donya tanggal23 April2007 amargi gagaljantung.