Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Boeing 747

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Boeing 747
Sawijining Boeing 747-400 kanthi livréi lawasGaruda Indonésia
 TipeBerbadan lebar-Jumbo jet
 ProdusenBoeing Commercial Airplanes
 PerancangJoseph F. Sutter
 Pisanan mabur9 Fèbruari1969[1]
 StatusAktif
 PemakaiBritish Airways
Japan Airlines
Cathay Pacific
Korean Air
Singapore Airlines
Garuda Indonésia
Saudia Arabian
 Diproduksi1969-saiki
 Cacah digawé1,395November 2007
 Rega satuan747-100US$24 juta (1967)
747-200 $39 juta (1976)
747-300 $83 juta (1982)
747-400 $228-260 juta (2007)[2]
747-8 $285.5-300 million (2007)[2][3]
 VarianBoeing 747SP
Boeing VC-25
Boeing 747-400
Boeing 747-8
Boeing 747 LCF
KLM ndharat ing lapangan terbang San Francisco

Boeing 747, uga ditepungi mawa jeneng "Jumbo Jet", iku sawijining montor mabur komèrsial jarak adoh lan awak amba (widebody) kang diprodhuksi déningBoeing. Montor mabur iki misuwur déning ukurané kang gedhé, montor mabur iki kalebu montor mabur kang paling ditepungi wong ing donya. Boeing 747 pisanan mabur kanthi komersial ing taun1970 lan sajeroning 37 taun dumadi montor mabur komersial kang gedhé dhéwé nganti munculé sainganéAirbus A380. Montor mabur iki uga kang kapisan nduwé awak amba. Montor mabur Boeing 747 nduwé mesin jet patang siji, lan tingkat loro kanggo sabagiyan dawané. Bènjolan ing dèk dhuwur montor mabur iki nggawé 747 dadi ikon perjalanan udara kang misuwur. Susunan umum telung kelas 747 bisa ngamot 416 penumpang, kamangka susunan rong kelas bisa ngamot 524 penumpang. Vèrsi 747-400, ya iku vèrsi pungkasan kang saiki mabur, kacepetané sub-sonik 0,85 Mach (913 km/jam) lan radius pamaburané ana 7.260 mil sagara utawa 13.446 kilomèter.[4] Boeing 747 dikira wis dadi mubadir sawisé kepayon 400 unit, nanging tibakné montor mabur iki umuré luwih dawa tinimbang prakirané para kritikus lan prodhuksiné ngliwati wates 1.000 unit ing taun1993. Per sasi Dhésèmber 2007, wis ana 1.396 unit kang dibangun mawa punjul 125 konfigurasi kang séjé-séjé. Modèl pungkasan iku diarani 747-8, lan miturut rencana bakal lumebu dines ing taun2009. Sing ngluncuraké miturut rencana ya iku bakal maskapé JermanLufthansa.

Latar historis

[besut |besut sumber]

Pesawat 747 iku lair nalika demamperjalanan udara ing dasawarsa1960-an. Mangsa transportasi jèt komèrsial kang kapimpin déningBoeing 707 kang populèr banget, bisa miwiti révolusi ingperjalanan jarak adoh lan nglairaké apa kang mau konsèp "désa donya" utawa diaraniglobal village ing basa Inggris. Banjur Boeing didesek déning pelanggané kang utama ya ikuPan Am supaya nggawé pesawat raksesa kang bisa ngangkud wong akèh banget lan ukurané Boeing 707 kaping loro. Ing taun1966 Boeing nggawé proposal pesawat anyar kang bakal diarani 747 lan Pan Am langsung mesen 25 wiji.

Lumebu dines

[besut |besut sumber]

Nalika tanggal15 Januari1970, Ibu NagaraAmérikah Sarékat Patricia Nixon ngresmèkaké 747 kapisan darbéné Pan Am's ing Papan Anggegana Internasional Dulles (kang banjur diarani Papan Anggegana Internasional Washington Dulles), sasandhingé ketua Pan Am;Najeeb Halaby. Nanging ora kaya lumrahé nganggo minuman keraschampagne, kang dienggo ya iku banyu awerna abang, putih, lan biru kang disiramaké ing badané pesawat. Pesawat Boeing 747 lumebu dines ing tanggal22 Januari 1970 ing rute New York – London. Sajatiné pamaburan iki wis direncanakaké ing kala wengi tanggal 21 Januari, nanging ana masalah mesin kang dadi kepanasen, tundhané montor maburé ora bisa dienggo manèh. Banjur kanggo nemu penggantiné mbutuhaké wektu punjul enam jam, mula pamaburan iki diundur nganti sadina.

Introduksi 747 lumebu ing dines kagolong mulus, tanpa masalah lan bisa ngatasi kasamaran utawa kakuwatiran yèn sawatara papan anggegana ora bisa nangani montor mabur kang gedhéné kaya mengkéné iki. Sanadyan uga ana masalah tèknis, nanging kabèh kanthi rélatif namung cilik waé lan bisa ditangani rikat. Sawisé diluncuraké déning Pan Am, maskapé pamaburan liyané uga akèh kang tuku lan nganggo 747 supaya bisa kompetitif. Boeing dhéwé ngira yèn separo saka kabèh 747 kang didol iku marang maskapé kang mbutuhaké radius pamaburané kang dawa lan dudu amarga kapasitas pesawaté kang gedhé. Nanging sanadyan 747 iku nduwé béya operasi kang murah dhéwé per kursi, béya operasi murah iki namung bisadicapai yèn okupansi kursi iku nyedhaki 100%. Béya operasi per kursi dadi munggah yèn okupansiné medhun. Konsumsi bahan bakar 747 kang ora kebak banget isiné, kurang luwih 70% contoné, nganggo punjul 95% bahan bakar kang dibutuhaké 747 kang kebak. Béya operasi kang dhuwur dadi ana yèn pesawaté ora ngangkud penumpang akèh.

Nalika masalah ékonomi ing Amérikah Sarékat lan nagara liyané muncul sawiséKrisis Lenga 1973, lalu lintas penumpang medhun lan sawatara maskapé weruh yèn kabèh iku ora nduwé cukup penumpang supaya 747 bisa tetep dienggo kanthi ékonomis. Mulané akèh 747 kang diganti karo pesawatMcDonnell Douglas DC-10 lanLockheed L-1011 kang nduwé telung mesin lan luwih cilik (sawisé iku diganti déningBoeing 767 lanAirbus A300 kang nduwé mesin loro). Sawisé nyoba ngganti kursi penumpang mawa bar piano supaya narik luwih akèh pelanggan, wusananéAmerican Airlines pesawat-pesawat 747-né didadèkaké pesawat kargo lan ing 1983 ijolan karo Pan Am olèh pesawat kang luwih cilik.Delta Airlines uga ngilangi 747 saka dines sawisé sawatara taun.

Pamaburan internasional kang ora ngliwati papan anggegana hub tradhisional, lan langsung ndharat ing kutha-kutha kang luwih cilik dadi luwih lumrah ing dasawarsa1980-an. Perkara iki nggawé pasar awal 747 saya tipis. Nanging, isih akèh maskapé internasional kang tetep nganggo 747 ing rute Samodra Pasifik. Ing Jepang, 747 ing rute-rute domèstik dikonfigurasèkaké supaya bisa nggawa kapasitas kebak penumpangé.

Boeing 747 kanthi rikat olèh status ikon lan muncul ing akèh prodhuksi filem, kaya ta serial filem musibahAirport,Air Force One lanExecutive Decision.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniBoeing 747.

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. "Boeing 747 Program Milestones", The Boeing Company. Retrieved:27 August2005.
  2. abBoeing Commercial Airplanes prices, The Boeing Company. Retrieved:26 June2007.
  3. Karp, Aaron."Boeing boosts aircraft prices 5.5% on rising cost of labor, materials",Air Transport World,26 June2007. Retrieved:17 December2007.
  4. Miturut"Technical Characteristics -- Boeing 747-400", Boeing Commercial Airplanes, dijupuk ing tanggal 29 April 2006.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Boeing_747&oldid=1631160"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp