WitBlimbing asalé sakaIndonésia,India, lanSri Langka, sarta akèh ing laladanAsia Kidul-Wétan,Républik Dominika,Brasil,Peru,Ghana,Guyana,Tonga, lanPolinesia.[1] Blimbing ditandur kanthi komersial ingAmérika Sarékat, yaiku ingFlorida Kidul lanHawaii.[1]
Blimbing duwé jeneng latinAverrhoa Carambola.[1]Blimbing dhapurébunder lonjong lan nduwé rusuk landheplincip kang cacahélima.[1] Blimbing rasanélegi lan nggawéseger. Ing kalanganinternasional blimbing dikenal kanthi jenengstar fruit.[1] Kang ndadékaké blimbing dijenengistar fruit amarga yèn dikethok kanthihorisontalwoh iki katon kayabintang.[1]
Woh kang asalé sakaIndia utawaSrilangka iki ora mung dibudidayakaké ing wewengkonAsia Tenggara kaya taMalaysia,Thailand lanFilipina, nanging uga dikenal ing nagara-nagara kang duwéiklimsub tropis liyané kaya taAmérika lanAustralia.[1] Blimbing gampang thukul ing panggonan kang dhuwuré0-500m ing sandhuwurélumahlaut lan kanthi curahudan kang dhuwur.[1] Saliyané iku blimbing kudu éntuk cukup cahyasrengéngé.[1] IngIndonésia, blimbing kang rasané legi akèh tinemu ing laladanDemak,Jawa Tengah.[1]
Wit blimbing bisa ngembang sabentaun lan bisa dipanén pingtelu saben setahun.[1] Saliyané blimbing woh ana ugablimbing wuluh utawa blimbingkeris.[1] Blimbing iki uga diarani blimbingsayur kang jeneng latinéAverrhoa bilimbi.[1] Nangingblimbing sayur rasané luwihkecut lan lumrahé kanggo nggawe sayur utawa masakan ancasé kanggo ménéhi rasa kecut ingmasakan.[1]
Woh blimbing duwé khasiat dadiantipiretik lanekspektoran,saéngga bisa dimanfaataké kanggoobatwatuk kanggobocahcilik.[2]Blimbing ngandhut akèhvitaminC lan duwé manfaat kanggoantiinflasi,analgesik, landiuretik, saéngga apik kanggo nambani watuk,sariawan, laragorokan, obatdemam, obatkencing manis utawadiabétes, lankolésterol.[2] Vitamin C kang paling dhuwur uga apik kanggo tambakanker.[2]Oyot blimbing uga duwé khasiat kanggo nambani larasirah lan nyerisendi.[2] Saliyané iku,godhong blimbing uga bisa kanggo tambaradanglambung,radangkulit kang anananahé, lanbisul.[2] Blimbing uga duwéprovitamin A.[2] Khasiat liyané, blimbing bisa nglancaraképencernaan lan kanggo obathiperténsi utawablegudreg.[2]
Nanging tumrap wong kang duwé lelaraginjel kudu ati-ati, amarga blimbing ngandhut akèhasem oxalic kang mbebayani.[2]
Blimbing uga duwé akèh khasiat liyané.[3]
- Serat kang ana ing blimbing bisa nglancaraké prosèspencernaan[3]
- Blimbing ngandhutpektin kang bisa ngurangikolésterol saéngga bisa kanggodiét supaya bobot awaké mudhun[3]
- Ncegahhépatitis lanpengerasanati lan asemempedu kang manggoné ingusus lan mbantu ngétokna[3]
- jus blimbing bisa nyegerakéawak yèn lagi kesel[3]
Saben100gram woh blimbing ngandhut warna-warnanutrisi kang migunani kanggokaséhatan.[3]