Blaise Pascal lair tanggal 19 Juni 1623 ingClermont-Ferrand,Prancis.[1] Blaise wiwit cilik ditepungi minangka sawijining bocah kang lantip senajn dhèwèké ora nempuh pendhidhikan ing sekolah kanthi resmi.[1] Ing umur 12 taun, dhèwèké wis bisa ngripta sawijining mesin pangétung kanggo mbantu pegawéyané bapané.[2] Jeneng bapané ya iku Étienne Pascal.[3] Bapané iku sawijining petugas panarik pajeg kang nyambut gawé ing tlatahAuvergne,Prancis.[1] Wiwit umur patang taun Blaise wis kélangan ibuné.[3] Karya-karyané terus tambah wiwit saka ngrancang yasan segienem (hexagram), nemu prinsip makaryabarometer, sistem makaryajam, nganti mèlu sajeroning panggawéyan sistem transportasi ngisor lemah kuthaParis.[2]
Awalé Paskal ora duwé minat marang prakara-prakara kang gegandhèngan karoagama.[2] Dhèwèké banjur ngalami prastawa patobatan nalika umur 23 taun.[2] Wiwit prastawa iku, Paskal banjur ngowahi pola uripé kanthi sregep sembayang lan pasa.[2] Ora mung iku, dhèwèké malah mèlu nggabung karo komunitasbiara Port-Royal kang aliranéJansenisme.[2] Sedulur wadoné kang jenengé Jacqualine iku sawijining biarawati ing biara iku.[2] Paskal tau nyatakaké kritiké marangOrdo Yesuit liwat tulisan-tulisané kang misuwur,Lettres provinciales kang ditulis taun 1656.[1][4] Miturut dhèwèké, ajaran-ajaranYesuit wis ngasoraké pangaji-pangaji agama mligi ngenani anugrah.[3] GolonganYesuit uga dibiji kalonggaren sajeroning babagan moral lan akibatékakristenan dadi kadonyan.[1] Dhèwèké ninggal tanggal 9 Agustus 1662 ing umur 39 taun tanpa jalaran pati kang cetha.[2]
• Essai pour les coniques (1639)
• Experiences nouvelles touchant le vide (1647)
• Récit de la grande expérience de l'équilibre des liqueurs(1648)
• Traité du triangle arithmétique (1654)
• Lettres provinciales (1656–57)
• De l'Esprit géométrique (1657/1658)
• Écrit sur la signature du formulaire (1661)
•Pensées (1670)
•Ecrits sur la grace
- 12345{id} Budi Hardiman. 2004.Filsafat Modern: Dari Machiavelli sampai Nietzsche. Jakarta: Gramedia. Hlm. 59.
- 12345678{id} Simon Petrus L. Tjahjadi. 2007.Tuhan para Filsuf dan Ilmuwan: Dari Descartes sampai Whitehead. Yogyakarta: Kanisius. Hlm. 37.
- 123{id} F.D Wellem. 2003.Riwayat Hidup Singkat: Tokoh-tokoh dalam Sajarah Gréja. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm. 156.
- ↑{en} Williston Walker. 1946.A History of The Christian Church. New York: Charles Scribner's sons. Hlm. 556.