Bursa Èfèk ing Meksiko Paseo de la Reforma, Mexico City
Sajeroningngèlmu ékonomi,bisnis iku sawijining organisasi kang adol barang utawa jasa marangkonsumèn utawa bisnis liyané, supaya olèhbathi. Sacara historis tembung bisnis sakabasa Inggrisbusiness, saka tembung dhasarbusy kang tegesé "sibuk" sajeroning kontèksindividu,komunitas, utawamasarakat. Maksudé sibuk ngayahi aktivitas lan pagawéan kang nekakaké kauntungan.
Sajeroning ékonomi kapitalis, akèh-akèhé bisnis diduwèni déning pihak swasta, bisnis diwangun kanggo olèh profit lan ngundhakaké kemakmuran kang duwé bisnis. Pemilik lan operator saka sawiji bisnis olèh imbalan miturutwektu, usaha, utawa gedhénékapitalé. Nanging ora kabèh bisnis golèk kauntungan kaya iki, ana uga bisnis koperatif kang tujuané ningkatakén kasajahtran kabèh anggotané utawa institusi pamaréntah kang tujuané ngundhakaké kasajahtran rakyat. Modhèl bisnis kaya iki kontras karo sistemsosialistik, ing ngendi bisnis gedhé diduwèni déningpamaréntah,masarakat umum, utawasarékat pekerja.