Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Biskop Agung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Biskop Agung iku sajeroning kakristenanbiskop sing ngantukaké pangangkatan. IngGréja Katulik lan Gréja-Gréja liya, biskop agung ngepalani sawijning kabiskopan utama sing diarani kabiskopan agung, utawa diarani provinsi gerejawi sajeroningkomuni Anglikan. Biskop agung satingkat karo biskop saka segi kerohanian nanging biskop agung luwih dhuwur prestise utawa derajaté. Biskop agung dudu siji tahbisan dhéwéi, nanging wujud kalungguhan koordinator. Kanthi mangkono, sing wis ditahbisaké minangka biskop, ora kudu ditahbisaké manèh nalika diangkat dadi biskop agung; nanging yèn sing diangkat sadurungé dudu biskop kanggo diangkat dadi biskop agung kudu ditahbisaké minangka biskop.

Biskop agung sajeroningBasa Latin diarani Archiepiscopus. Tembung Latin mau asal saka rong tembungBasa Yunani, αρχι, sing tegesé "perdana" utawa "pamimpin", lan επισκοπος, sing tegesé "penilik" utawa "penyelia". IngGréja Katulik Roma, siji kauskupan agung lan sawatara kauskupan ing saubengé mbentuk siji provinsi gerejawi. Jabatan iki magepokan karo sipat kerjasama lan koordinasi para biskop sing dumunung ana ing provinsi gerejawi mau.

Biskop Agung ing Indonesia

[besut |besut sumber]


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Biskop_Agung&oldid=1526535"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp