Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Benz-Omnibus, 1896Bus Antar Kota
Bus utawabis ikukendaraan gedhé mawarodha, dipigunakaké kanggo ngamot panumpang sing akèh. Istilah bus iki asalé sakabasa Latin,omnibus, sing tegesé (kendaraan sing mandheg) ing kabèh (halte).
Sembarang kelas kendaraan roda gedhe sing digerakake dhewe sing dirancang kanggo nggawa penumpang, umume ing rute tetep bisa diarani bis. Dikembangake ing awal abad kaping 20, kanggo nyedhiyakake keluwesan rute sing luwih gedhe, iki minangka asil alami saka pelatih sing didorong jaran. Ing wektu saiki, bis ditetepake minangka kendaraan sing bisa nampung luwih saka 10 penumpang.[1]
Coach utawa motorcoach lumrahé awujud kendaraan sing dirancang kanggo lelungan adoh. Bus iki dipepaki kanthi kursi sing luwih nyaman, sawijiné ruangan kanggo wadhah bagasi, lan mesin sing luwih gedhé. Kendaraan iki lumrahé luwih dhuwur tinimbang bus biyasa, lan dijangkepi nganggoAC, toilet, lan sistem audio/video.
Coaches / motorcoach iku kendaraan sing fleksibel lan bisa kanggo pariwisata, lelungan liburan utawa lelungan antar-kutha.
Routemaster London yaiku modhel spesifik bis double-decker kang digunakaké wiwit pertengahan taun1950 wis dadi ikon kuthaLondon. Bis iki duwé platform rear bukaan kanggo metu lumebune penumpang. Sopir manggon ing panggonan mirunggan, béda karo penumpang. Kang njaluki tarif yaiku kondektur bis kang mubeng njaluki marang penumpang. Routemasters sedang ditarik saka rutene banjur digantikekake bis tingkat kang luwih modhèren utawa single-dek bis gandheng (ngisor). Nanging penumpang isih ngarapake anané bis iki kanggo sarute kanggo tujuan warisan.
Tambahan dhuwuré kendaraan double-deck ndadèkaké menarik digunakaké tur ing tengah dalan, apamaneh ing kutha-kutha ing sakabehing donya kang ora migunakaké kendaraan double-deck kanggo layanan normal. Bis lumrahé digawé kanthi jendhela gedhé lan / utawa dek dhuwur kang kabuka kanggo nguduhake sudut pandang paling apik saka jero kendaraan.
Bus sekolah kanggo ngamot bocah-bocah sekolah saka papan panggonane (omah) marangsekolah manawa papan panggenane luwih adoh yèn lumaku. Ing AS bus sekolah padatane duwé warna kusus yaikukuning lan dijangkepi karolampu peringatan lalu lintas sarta dijangkepi pengaman liyané kang digunakaké nalika para penumpang munggah utawa mudun saka bis. Bus sekolah padatane dioperasekaké nganggo dhistrik sekolah utawa penyedia jasa bus sekolah kang dikontrak.
First Student ngenalaké bis-bis kuning ing Karajan Manunggal. Nanging akehé pelayanan bis sekolah ditindakaké kanthi nggunakaké bis-bis biyasa.
Ing nagara-nagara liya, bis sekolah ora tansah warna kuning. Buenos Aires, lan kemungkinan uga bis-bis sekolah liyané ing Argentina diwènèhi warna kuning tela lan ditulisiescolares.
Ing Jakarta tau dicoba diwanuhaké bus sekolah déning pamrintahJakarta, nanging proyek iki ora kasil amarga kerep ana penumpang kang dudu murid sekolah uga tumut nggunakaké. Saweneh sekolah swasta ing sawenèh papan ingIndonésia mènèhi pelayanan bis sekolah kanggo siswa-siswane.
Bus belajar yaiku sawijiné bis mirunggan kang digunakaké perusahaan bis kanggo nglatih kaprigelan nyupir para sopir bis. Bis iki uga minangka nglatih wong kang péngin dadi sopir bis. Latian nyupir bis ing dalan dadi pérangan kang wigati saka pendhidhikan iki kaya gladhèn nyupiri montor biyasa.