Beksa utawabeksan, uga diaranijogèd,igel,ibing,tandhak,taya, utawadhangsah(cara Éropa) yaiku sawijiningbentuk kagunan, asring digolongaké minangkaulah raga, kang dumadi saka rangkèn obahan awak kang maajièstètika lan asringsimbulis, sanadyana kang dimurga éwadéné dipilih kanthi sengaja.[nb 1] Beksan bisa dikategorèkaké lan diterangaké mituruttata beksané, miturut répertowar obahané, utawa miturutkala sajarah utawapanggonan asalé.[3] Beksan lumrahé dilakokaké nganggoiringan musik lan kala-mangsa pambeksané dhèwèk kanthi bebarengan nggunakaké piranti musik.
Prabédan wigati kudu digawé antarané beksantéater lan beksanmèlu-sarta[4] sanadyan rong kategori iki ora mesthi kapisah babar pisan. Loro-loroné bisa duwé fungsi mirungga, sanadyana sosial,padatan,tandhing,érotis,béla dhiri,suci, éwadénéliturgis. Wujud obahan manungsa liyané kala-kala ditembungaké nduwèni sifat kaya beksan, kalebukagunan béla dhiri,senam,panuntun surak,sluncur éndah,langi éndah,kirab wirama, lan akèh wujudatlétik liyané. Beksan ora amung kawates kanggo pagelaran amarga beksan digunakaké minangka bentuk lantihan lan kala-kala palantihan kanggo ulah raga lan kagiyatan liyané. Beksan wis dadi ulah raga kanggo sawatara wong kanthi patandhingan beksan kang ditemokaké ing saindenging donya kang mamèraké manéka gaya lan pakem kang mabéda. Beksan nduwèni daya sengsem èstètika kanggo akèh wong.[5]
Beksan uga bisa ditindakaké dhèwèkan minangka bentuk lantihan utawa pangungkaban dhiri. Beksan iku laku manungsa kang umum lan ora mesthi mbutuhaké tata beksan mirungga.
↑Akèh pategesan beksan wis diajokaké. Pategesan iki adhedhasar ing isor iki:
"Beksan yaiku obahan manungsa kang diripta lan diungkabaké kanggo tetujon èstètika. Beksan uga ngrupakaké sumber lipuran."[1]
"Beksan yaiku laku manungsa kang kasungsun (saka padon sawang pambeksa, kang biyasané dianut déning para pamiyarsa saka budaya pambeksa) saka rangkèn obahan awak nirlésan kang atujon (pilihan dhèwè-dhèwè lan panyinaon sosial aperan), mirama kanthi sengaja, lan apola budaya, sapérangan gedhé mabéda saka kang dilakokaké ing kagiyatan obahan lumrah. Obahan (ing wektu, lowah, lan kanthi pangudi) nduwèni aji kang tumèmplèk lan èstètis (gagasan babagan kacocogan lan kacakepan kaya déné disawang déning budaya pambeksa) lan uthuté simbulis."[2]
Abra, Allison. "Going to the palais: a social and cultural history of dancing and dance halls in Britain, 1918–1960."Contemporary British History (Sep 2016) 30#3 pp.432–433.
Blogg, Martin.Dance and the Christian Faith: A Form of Knowing, The Lutterworth Press (2011),ISBN978-0-7188-9249-4
Carter, A. (1998)The Routledge Dance Studies Reader. Routledge.ISBN0-415-16447-8.
Cohen, S, J. (1992)Dance As a Theatre Art: Source Readings in Dance History from 1581 to the Present. Princeton Book Co.ISBN0-87127-173-7.