Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Bawang godhong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Delengen uga:Scallion
Bawang godhong
Allium fistulosum pada suatu pertanian
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Dhivisi:Magnoliophyta
Klas:Liliopsida
Ordho:Asparagales
Famili:Alliaceae
Génus:Allium
Spésies:Allium fistulosum
Sinonim[1][2]
  • Allium bouddaeDebeaux
  • Allium fistulosum var.caespitosumMakino
  • Allium fistulosum var.giganteumMakino
  • Allium kashgaricumProkh.
  • Allium saxatilePall.
  • Allium wakegiAraki
  • Cepa fissilisGarsault
  • Cepa fistulosa(L.) Gray
  • Cepa ventricosaMoench
  • Kepa fistulosa(L.) Raf.
  • Phyllodolon fistulosum(L.) Salisb.
  • Porrum fistulosum(L.) Schur

Bawang godhong (Allium fistulosum L.;Inggris:Welsh onion utawiJapanese bunching onion) inggih punika salah satunggalipunbawangperennial. Aran sanès wonten basa manca kanggé wit-witan punika kalebetgreen onion,spring onion,scallion,escallion, lansalad onion, ingkang saget gadhah teges jamak, amargi dipun-ginakaken kanggé sakpérang wit ingkang sami, utawi wit bawang godhong bènten sakinggénusAllium. Spésiès punika estu mémper ganda lan raosipun kaliyanbawang bombai ingkang limrah dipunagem,Allium cepa, lan sampun wonten hibrida ing antawisipun wit-witan kekalih. Bawang godhong mboten awujudbulb, lan godhong-godhongipun growong wonten satengaipun ("fistulosum" tegesipun "growong") lanscapes. Varietas wiyar bawang godhong mèmper kaliyanbawang prei, pramila dipunagem tembung Jepang 'negi', wondéné varietas ingkang langkung sakedhik sami kaliyanchive. Kathah bawang godhong ingkang wonten sisikipun kanthi wujudclump perennial evergreen.[3][4] Kajawi kanggé bumbu wonten masakan, bawang godhong ugi saget dipun-ginakaken minangka wit-witan hias.[5][6][7][8][9][10][11]

Aran Inggris

[besut |besut sumber]

Wonten sujarahipun, bawang godhong misuwur minangkacibol.[12] Wonten Cornwall dipunsebat minangka "chibbles".

Aran Inggris "Welsh onion" awujud salah satunggalipunmisnomer wonten basa Inggris modern, amargiAllium fistulosum sanès sakingWales sarta mboten limrah dipunagem wontenmasakan Wales (Allium ijo ingkang limrah ing Wales inggih punikabawang prei,A. ampeloprasum, inggih punika sayuran nasional Wales). Aran "Welsh" nglestantunaken teges aslinipun saking basa Inggris kuna (Old English) "welisc", utawiOld German "welsche", ingkang tegesipun "manca" (kados dénéwal- wonten "walnut", ingkang gadhah asal usul ingkang sami). Spésiès punika sakingAsia, bokmenawiSiberia utawiTiongkok. Wonten ing Wales, "spring onion" (bawang usum semi) gadhah variasi dhialèk,jibbon utawisibwn ('syibun') ingkang asalipun saking basaPerancis 'ciboule.' Spésiès niki ugi dados alamiah ingAlaska lanNorthwest Territories ingKanadha, sarta sumebar ing sawenèh panggènan ingAmérikah Sarékat.[13][14]

Kanggé masakan

[besut |besut sumber]

Ing tlatah kilèn, bawang godhong mliginipun kaginaaken minangkascallion utawi "salad onion", nanging ugi dipunagem ing sawenèh panggènan, mliginipunAsia Timur.[15]

Asia

[besut |besut sumber]

Bawang godhong saget dados salah satunggalipun bahanmasakan Asia, mliginipunAsia Wétan lanAsia Tenggara. Bawang godhong punika ugi kaginaaken wontenTiongkok,Jepang lanKoréa, saéngga wontenbasa Inggris kasebat "Japanese bunching onion". Wonten ingJepang dipunsebatnegi.Bawang bombai dipuntepangaken wontenAsia Wétan ing abad 19, nangingA. fistulosum tetep paling misuwur.[15]

Kaginaaken wontenmiso soup,negimaki,[16] lan masakan sanèsipun, adatipun dipuniris tipis-tipis lan lajeng disawuraken supados langkung éndah, kados ta wonten ingteriyaki utawitakoyaki.

Jamaika

[besut |besut sumber]

Dipunsebat minangkaescallion,[17] bawang godhong punia salah satunggalipun bahan wonten ingmasakan Jamaika, dicampur kaliyanthyme,scotch bonnet pepper,bawang putih lanallspice (kasebat "pimenta"). Resèp ngagem escallion kadhang kala nedahaken bilihbawang prei minangka sulih wonten salad. "Jamaican dried spice mixtures" ingkang ngagem escallion dipunsadé komersial.

Ruslan

[besut |besut sumber]

Bawang goghong kaginaaken ingRuslan nalika usum semi kanggé nambah godhong-godhongan ijo wonten ing.

Gladri

[besut |besut sumber]
  • Bawang daun yang tumbuh di Guizhou, Tiongkok
    Bawang daun yang tumbuh di Guizhou,Tiongkok
  • Bawang daun yang tumbuh di Odawara, Jepang
    Bawang daun yang tumbuh di Odawara,Jepang
  • Allium fistulosum-MHNT
    Allium fistulosum-MHNT

Ugi pirsani

[besut |besut sumber]

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. Tropicos
  2. "The Plant List". Diarsip sakasing asli ing 2023-06-05. Dibukak ing2017-05-02.
  3. Floridata: Allium fistulosum
  4. Thompson, Sylvia (1995).The Kitchen Garden. Bantam Books.
  5. Agroteknologi:Klasifikasi dan Morfologi Bawang DaunArchived 2017-05-03 at theWayback Machine., dipundhut 4 Mèi 2017
  6. Materi Pertanian:Ciri-ciri Tanaman Bawang DaunArchived 2017-05-06 at theWayback Machine., dipundhut 4 Mèi 2017
  7. Belalang Tue:Nama Latin dan Klasifikasi Bawang Daun, dipundhut 4 Mèi 2017
  8. SambadaFarm:Benih Loncang / Bawang Daun (Allium fistulosum)Archived 2017-05-25 at theWayback Machine., dipundhut 4 Mèi 2017
  9. Jurnal UGM:Jurnal UGM - Bawang Daun, dipundhut 4 Mèi 2017
  10. Kabupatèn Karo:Potensi Pertanian Daerah-Bawang Daun, dipundhut 4 Mèi 2017
  11. Pikiran Rakyat:Petani Bawang Daun Dirundung Cuaca MendungArchived 2017-05-03 at theWayback Machine., dipundhut 4 Mèi 2017
  12. Ward, A:The Encyclopedia of Food and Beverage, New York, 1911. Retrieved January 5, 2007.
  13. Flora of North America v 26 p 244.
  14. BONAP (Biota of North America Project) floristic synthesis,Allium fistulosum
  15. abFritsch, R.M.; N. Friesen (2002). "Chapter 1: Evolution, Domestication, and Taxonomy". Ing H.D. Rabinowitch and L. Currah (èd.).Allium Crop Science: Recent Advances. Wallingford, UK: CABI Publishing. kc. 18.ISBN 0-85199-510-1.
  16. "Recipe-Chicken Negimaki-NYTimes.com".The New York Times. August 13, 2010. Dibukak ingSeptember 15, 2012.
  17. "Ministry of Agriculture and Lands Standard Specification for Escallion"(PDF).Ministry of Agriculture and Fisheries, Jamaica. April 1987 (revised June 1999). Diarsip sakasing asli(PDF) ing July 22, 2011. Dibukak ingAugust 20, 2010.{{cite web}}:Check date values in:|date= (pitulung)

Pranala njawi

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniWelsh onion.
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan:Allium fistulosum
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bawang_godhong&oldid=1664223"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp