Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Bauhaus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bauhaus Dessau

Bauhaus, inggih punika siji sekolah seni lan désain ingJerman ingkang pengaruhipun ageng sanget lan misuwur kanthi keunikan gabungan antawisipun seni lan téknik wonten ing produksi massal, ingkang wonten ing perkembanganipun langkung kawéntar minangka nama siji gaya seni piyambak[1]. Sekolah punika jumeneng nalika taun1919 lan jumeneng dumugi dipuntutup déningNazi nalika taun1933[1]. Ingkang pisanan dipunpimpin déningWalter Gropius (1883-1969) lanLudwig Mies van der Rohe (1886-1969)[1]. Bauhaus ébah ing babagan seni artistéktur, inggih punikaUtopia, dhedhasar ing idealisme saking wujud ingkang prasaja lan fungsi ingkang lugas, lan siji kapitadosan bilih mesin perekonomian saged mbekta kanthi "elegan" barang-barang ingkang sampun kadésain dados kagunganipun tiyang kathah, migunakaken téknik-téknik lan material-material ingkang dipunginakakn kanthi mligi saperlu panganggo pabrik lan manufaktur massal, kados tabaja,beton,krom,kaca, lan sanèsipun.[2].

Sajarah lan Perkembangan

[besut |besut sumber]

Nalika taun1919, perekonomian ingJerman risak amargi perang donya ingkang nguras sadaya kekiyatanJerman.[3] Satunggaling arsitékWalter Gropius dipuntunjuk saperlu mimpin siji institusi ingkang saged mbiyantu yasa nagara lan mbentuk siji tatanan sosial ingkang énggal.[3] Dipunsukani nama "Bauhaus", institusi punika dipunfokusaken ing siji wujud énggal ingkang rasional saking perumahan sosial kanggé pegawé.[3].

Pamanggih dhasar saking pola pengajaran saking Bauhaus inggih punika kesatuan saking artistik punika piyambak lan dedikasi praktikal.[1] Saben siswa kedah mungkasaken wulangan pengantar sadéréngipun piyambakipun saged mlebet sijiworkshop ingkang piyambakipun pilih.[1] Wonten sapérangan tipeworkshop ingkang dipunsamektakaken:Metal,Tipografi,Seni Lukis Gelas,Pahatan,Mebel,Pekerjaan 3 Dhimènsi lan sanès-sanèsipun.[1]

Siswa ing Bauhaus mendhet 6 wulan wulangan pengantar ingkang nglibataken nglukis lan ékspérimén dhasar babagan bentuk, sadéréngipun lulus ing tigang taun pelatihanworkshop déning kalih ahli: 1 seniman lan 1 pengrajin.[4]. Ingkang nyinaoni babagan arsitèktur kanthi téyori lan praktik, makarya kanthi konstruksi yasan ingkang nyata.[4] Sasaran kreatifitas saking kurikulum menarik sadaya saking staff pengajar.[4] Antawisipun inggih punikaPaul Klee,Wassily Kandinsky,Oskar Schlemmer,Johannes Itten,László Moholy-Nagy,Josef Albers lanMarcel Breuer.[4]

Parté Nazi lan kelompok pulitik fasis sanèsipun sampun nentang jumenengipun Bauhaus wiwit1920an.[5] Nazi gadhah pamanggih babagan punika minangka siji kedhok kanggé kuminis, mliginipun maragi kathah seniman Ruslan ingkang wonten ing mrika.[5]. Sekolah Bauhaus pungkasanipun pindhahsaking Weimar nuju ing Dessau, saking Dessau nuju ingBerlin, lan pungkasanipun dipuntutup amargi rezim Nazi nalika taun1933.[5]

Ancas Bauhaus

[besut |besut sumber]

Sekolah punika gadhah 3 ancas ingkang utama:

  1. Saperlu ndhorong seniman-seniman lan pengrain individual saperlu makarya sesarengan lan nggabungaken keahlianipun.[6].
  2. Saperlu ningkataken stats sakingkerajinan,kursi,lampu,poci, lan sanèsipun ing salebeting tataran ingkang sami kaliyanseni murni,lukisan,pahatan, lan sanèsipun.[6].
  3. Kanthi kalanjutakan saperlu angsal kebebasan saking panyengkuyung pamaréntah kanthi nyadé manéka rancangandésain ingindhustri.[6].

Dosen-Dosen ing Bauhaus

[besut |besut sumber]
  1. Walter Gropius (AmérikaJerman,1883-1969)[2]
  2. Ludwig Mies van der Rohe (AmérikaJerman,1886-1969)[2]
  3. Wassily Kandinsky (JermanRussia,1866-1944)[2]
  4. Lyonel Feininger (Amérika,1871-1956)[2]
  5. Paul Klee (Switserlan-Jerman,1879-1940)[2]
  6. Oskar Schlemmer (Jerman,1888-1943)[2]
  7. László Moholy-Nagy (Jerman]], lair ing Hungaria,1895-1946, aktif di Amérika)[2]
  8. Josef Albers (AmérikaJerman,1899-1976)[2]
  9. Anni Fleischman Albers (AmérikaJerman,1899-1994)[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefhttp://www.germanculture.com.ua/library/weekly/aa022101a.htmdipnundhuh[pranala mati permanèn] tanggal 21 Januari 2013
  2. abcdefghijhttp://www.artlex.com/ArtLex/b/bauhaus.htmldipunundhuh tanggal 21 Januari 2013
  3. abchttp://architecture.about.com/od/20thcenturytrends/ig/Modern-Architecture/Bauhaus.htmdipunundhuh[pranala mati permanèn] tanggl 21 Janurai 2013
  4. abcdhttp://www.designhistory.org/Bauhaus3.htmldipunundhuh[pranala mati permanèn] tanggal 21 Januari 2013
  5. abchttp://www.huntfor.com/arthistory/C20th/bauhaus.htmdipunundhuh tanggal 21 Januari 2013
  6. abchttp://www.suite_101.com/article.cfm/antiques_and_collectibles/23593dipunundhuh[pranala mati permanèn] tanggl 21 Januari 2013
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniBauhaus.
Pra abad Kaping-20
Abad Kaping-20
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bauhaus&oldid=1655191"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp