Sajarah batur tukon iku ngandhut kabèh kabudayan, nagara lan agama saka jaman purbakala nganti dina iki. Nanging kaanan sosial, ékonomi lan ukum batur tukon béda-béda ing sistém kang séjé-séjé iki ing wektu lan papan kang séjé-séjé.[23]
Bukti-bukti batur tukon iku luwih dhisik ana tinimbang sajarah lan ana ing akèh kabudayan. Batur tukon antara wong-wong tegal lan beburon langka banget. Batur tukon masal perlu suplus ékonomi lan kapadhetan kang ndunungi supaya bisa ditrapaké. Déné faktor-faktor iki, praktèk batur tukon namung bisa kadadéan sawisé tetanèn diciptakaké nalika jaman Révolusi Néolitik, sakiwa tengené 11.000 taun kapungkur.[8]
Ing cathetan-cathetan sajarah awal dhéwé, batur tukon wis dianggep lembaga kang wis mapan. Kodèks Hammurabi (kurang luwih 1760 SM) contoné, nulis manawa kaukuman wong kang nulungi batur tukon kang lumayu utawa kang ndelikaké wong lumayu iku pati.[24] Alkitab uga nulis prakara batur tukon minangka lembaga kang wis mapan.[25]
Batur tukon iku ditepungi ing mèh kabèh kabudayan lan masarakat kuna kaya ta Suméria, Mesir Kuna, Tiongkok Kuna, Akkadia, Asuriah, India Kuna,Yunani Kuna, Kakaisaran Romawi, Karajan-karajan Yahudi ing Levant kuna, lan kabudayan pra-Kolumbus ing Amérika. Praktèk batur tukon uga ngandhut batur tukon déné utang, paukuman kadurjanan, batur tukon déné tawanan perang, bocah kang dilirwakaké lan anak kang lair saka batur tukon.[26]
Cathetan prakara batur tukon ing Yunani Kuna kuwi lawasé nganti jamané Yunani Mykenéa. Wis bisa didhedhes manawa ing Aténa ing Mangsa Klasik ndarbèni kang ndunungi batur tukon kang gedhé, bokmanawa nganti 80.000 wong ing abad kaping 6 lan 5 SM. Antara 40% nganti 80% kang ndunungi kutha iki iku batur tukon.
Mawa èkspansi Républik Romawi dadi saya amba, akèh kang ndunungi tlatah-tlatah kang kasoran didadèkaké batur tukon, nganti ana suplai gedhé saka saindhenging Éropah lan Sagara Tengah. Para batur tukon iku asliné antarané wong Yunani, Iliria, Bèrbèr, Jerman, Karajan Manunggal, Trasia, Gaulia, Yahudi, Arab lan liya-liyané. Kabèh ora mung dienggo tenagané minangka buruh dikon nyambut gawé, nanging uga kanggo panglipur, contoné kanggo tenaga gladiator lan batur tukon sèksual. Penindasan déning minoritas élit iki ngakibataké pambalélan déning para batur tukon. Salah sijiné kang kawentar iku pambalélané Spartakus, wong Trasia.
Ing mangsa Républik pungkasan, batur tukon wis dadi pilar wigati ékonomi sajeroning kamakmuran Romawi, saha pérangan wigati masarakat Romawi. Diprakirakaké punjul 25% kang ndunungi Roma Kuna iku batur tukon, sanadyan angka iki dipaido akèh sarjana lan béda-béda saka daérah siji karo sijiné.
Para batur tukon iku nmujudaké antara 15-25% kang ndunungi Italia, akèhé tawanan perang kang mligi saka Gaulia lan Epirus. Prakiran cacahé batur tukon ing Kakaisaran Romawi katoné nuduhaké manawa para batur tukon iki sumebar ing provinsi-provinsi sajabaning Italia. Lumrahé, para batur tukon ing Italia iku wong Italia pribumi, mawa ana wong ngamanca sithik (kalebu batur tukon lan batur tukon kang wis diluwaraké) kang gunggungé namung 5% ing kutha karajan nalika ing puncaké, awit nalika iku cacahé pas kang gedhé dhéwé. Sing asalé saka sajabaning Éropa biasanya katurunan Yunani, kamangka kang katurunan Yahudi kerepé ora bisa asimilasi lan awor ing masarakat Romawi lan panggah dadi kaum minoritas kang katon mencolok.
Para batur tukon iki (mligi kang wong ngamanca) ndarbèni kadar pati kang luwih dhuwur lan kadar lair kang luwih asor tinimbang wong pribumi. Terkadhang para batur tukon ngamanca iki uga diusiri kanthi gedhèn-gedhènan. Umur batur tukon kang kacathet nalika mati ing Kutha Roma iku asor banget: 17,5 taun (17,2 kanggo lanang lan 17,9 kanggo wadon).
Dagang ing batur tukon skala gedhé mligi namung ana ing tlatah kidul lan wétan Éropah nalika jaman Abad Tengahan: Kakaisaran Bizantium lan Donya Islam iku patujoné batur tukon, kamangka sumber wigatiné iku Éropah Tengah lan Wétan kang isih kafir nganti tekan Kaukasus lanTartaria. Para bakul Viking, Arab, Yunani lan Yahudi Radhani kabèh mèlu kagepokan. Padagangan batur tukon Éropah tekan ing puncaké ing abad kaping 10 sawisé Baléla Zanj kang ngakibataké suruté batur tukon Afrika ing Donya Arab.
Spanyol ing Abad Tengahan lan Portugal mèh tansah lan tanpa pegat diinvasi déning wong Muslim menyang tlatah-tlatah kang akèh dienggoni wong Kristen. Èkspedisi kerep dikirim saka Al-Andalus kanggo nempuh Karajan Kristen Ibéria, lan manawa bali nggawa jarahan perang lan batur tukon.
Contonipun ing siji serangan menyang Lisboa, Portugal taun 1189, sang kalif Almohad Yaqub al-Mansur nggawa bali 3.000 wong wadon lan bocah tawanan, kamangka gubernur Córdoba ing serangan sawisé menyang Silves, Portugal ing taun 1191, njarah 3.000 batur tukon Kristen. Sawisé iku saka abad kaping 11 nganti abad 19, Bajag Afrika Lor nganakaké razia, serang ing kutha-kutha pasisir Éropah kanggo njarah batur tukon Kristen kang diadol ing pasar-pasar batur tukon in Aljazair lan Maroko.[27]
Ing Karajan Manunggal, praktèk batur tukon diterusaké sawisé Kakaisaran Romawi sirna, lan sawatara pérangan undhang-undhang Hywel the Good kang ngurusi batur tukon in Wales Abad Tengahan. Padagangan iki mligi dianakaké sawisé invasi Viking mawa pasar gedhé ing Chester lan Bristol kang disuplai déning wong Dènmark, Mercia lan Wales. Wong-wong iki olèhé golèk batur tukon ya mawa nyerang daérah pawatesan siji lan sijiné.
Nalika jamanéDomesday Book, sawatara 10% kang ndunungi Inggris iku batur tukon. Batur tukon ing Abad Tengahan ing Éropah iku lumrah banget nganti Gréja Katulik Roma bola-bali nyoba nglarang. Saorané èkspor batur tukon Kristen menyang tlatah non-Kristen dilarang nalika contoné Konsili Koblenz (922), Konsili London (1102) lan Konsili Armagh (1171).
Ing taun 1452, Paus Nikolas V ngetokaké bulla kapausanDum Diversas, kang maringi Raja Spanyol lan Portugal hak kanggo nggawé kabèh wong Sarasén (tembung kuna kang ngrujuk wong Muslim), wong kafir lan kabèh wong kang ora percaya dadi batur tukon salawasé lan ngabsahaké padagangan batur tukon minangka kasil perang.