Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Wisnu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaBathara Wisnu)
Bathara Wisnu
Bathara Wisnu
Asma miturut basa
Basa SangaskretaViṣṇu
Asma miturut aksara
Dewanagariविष्णु
aksara Bali
aksara Jawaꦧꦛꦫ ꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ

Bathara Wisnu (Sangskreta:Bhaṭāra Viṣṇu) iku putraneBathara Guru lanDewi Uma sing angka 5. Wujude dewa bagus, mbranyak pasemone, kulite ireng cemani. Kahyangane ingUttarasagara. Pusakane wujud buwêngan, bunder kaya rodhaning pedhati, mawa lelandhep wolung penyukur, jenengeSenjata Cakra Baskara.

Kajaba iku, darbe panah sakti aranKyai Kesawa kang dislempitake ing rikmane.

Bedhor (pucuk panah) Kyai Kesawa yen nganti kesenggol nalikane Bathara Wisnu duka yayah sinipi, bisa njalari mantramtriwikrama dumadi. Satemah Bathara Wisnu dadi brahalaBalasrewu kang gedhene kagila-gila.

Nalika laire Bathara Wisnu, jagad aweh prabawa nggegirisi. Bumi horeg ketaman lindhu gedhe, nganti Bathara Guru tiba kegeblag.

Bareng diwasa, Bathara Wisnu nggarwaDewi Sri Kembang, sengkerane Bathara Guru kang dititipake marangBathara Surya. Perkara iki ndadekake muntabe Bathara Guru. Wusana Bathara Wisnu lan Dewi Sri Kembang ditundhung saka kahyangan, kadhawuhan tumurun ing bumi, mapan ing alasPurwacarita.

Senadyan Bathara Wisnu wis ora mapan ing kahyangan, nanging yen kelingan citrane Dewi Sri Kembang, Bathara Guru mesthi muntab pikire. Rasa kagole ora bisa disingkirake saka njroning ati.

Sawijining ndina, Bathara Guru dhawuh marang buta 4, yaikuKalakresna,Kalaseta,Kalarekta, lanKalapita supaya mateni Bathara Wisnu. Nadyan anak, nanging Bathara Wisnu dianggep klilip sing kudu diilangi.

Buta 4 nuli budhal. Satekane ing alas Purwacarita, sigra angraga sukma. Wujud cahya, manjing ing anggane Bathara Wisnu, ngrusak jagade Bathara Wisnu. Satemah Bathara Wisnu sirna margalayu.

Priksa garwane seda dadakan, Dewi Sri Kembang nangisi. Ora let suwe katungka praptaneBegawan Wisnu Kapiwara (pandhita wujud kethek). Ngupadi Bathara Wisnu amarga ditangisi anake wadon kang ngimpi ngladeni Bathara Wisnu. Sang Begawan diaturi nggoleki priya pepujaning ati. Yen wis ketemu, nyuwun didhaupake.

Dewi Sri Kembang saguh nanggung pasuwitaneDewi Sri Pujayanti, sauger Wisnu Kapiwara bisa maluyakake Bathara Wisnu. Kapiwara sigra angraga sukma, nundhung buta 4 kang ngrusak jeroane Bathara Wisnu. Sang Bathara banjur diungkuliKembang Wijayakusuma, satemah waluya temahing jati.

NggarwaDewi Pertiwi lan gugat Bathara Guru

[besut |besut sumber]

Bathara Wisnu saguh nampa pasuwitane Dewi Sri Pujayanti, nanging Begawan Wisnu Kapiwara kudu bisa nyekel buta-buta kang maeka Bathara Wisnu. Disaguhi, lan ora let suwe pandhita kethek iku wis bisa nyowanake buta 4 ing ngarsane Bathara Wisnu.

Nalika didangu, buta 4 iku blaka yen diutus Bathara Guru supaya mateni Bathara Wisnu. Sanalika Bathara Wisnu muntab pikire, tuwuh krentege nedya ngelekake Bathara Guru kang wis tumindak nalisir saka bebener.

Sadurunge tumindak, Bathara Wisnu minangkani panyuwune Begawan Wisnu Kapiwara luwih dhisik. Banjur budhal menyangPertapan Cemaragadhing. Dewi Sri Pujayanti kawengku garwa.

Sawise sawatara mapan ing Pertapan Cemaragadhing, Bathara Wisnu nedya gugat. Ngelingake tumindake Bathara Guru sing ora bener. Sranane yaiku kudu nggarwa Dewi Pertiwi, putraneSang Hyang Nagaraja ingKahyangan Sumur Jalatundha. Rehne Dewi Pertiwi nyuwun bebanaKembang Wijayakusuma lanCangkok Wijayamulya, Bathara Wisnu nuli nyuwun marang Begawan Wisnu Kapiwara supaya kersa masrahake pusakane kinarya srana dhaupe Bathara Wisnu.

Begawan Wisnu Kapiwara masrahake Kembang Wijayakusuma marang Bathara Wisnu. Mung kari Cangkok Wijayamulya kang durung kecekel. Bathara Wisnu nuli budhal menyang Kahyangan Sumur Jalatundha.

Wektu iku, Sang Hyang Nagaraja karawuhan penglamar saka negaraGarbapitu, utusanePrabu Kala Wisnudewa. Utusan mau cacahe 2, jenengePatih Baudhendha lanDitya Wisnungkara.

Sang Hyang Nagaraja ngandharake yen Dewi Pertiwi darbe panyuwunan Kembang Wijayakusuma lan Cangkok Wijayamulya. Patih Baudhendha lan Ditya Wisnungkara banjur kondur, nedya munjuk atur marang ratu gustine.

Sapungkure utusan saka Garbapitu, Bathara Wisnu praptêng ing kahyangan Sumur Jalatundha, nglamar Dewi Pertiwi. Sang Hyang Nagaraja banjur ngaturake bebanane Dewi Pertiwi. Bathara Wisnu banjur maringake Kembang Wijayakusuma luwih dhisik, lan saguh nggoleki Cangkok Wijayamulya.

Daya-daya bisa dhaup, Kembang Wijayakusuma ditampani, dadi srana dhaupe Bathara Wisnu lan Dewi Pertiwi.

Sapurnane dhaup, Bathara Wisnu diaturi manjing cepuri Kahyangan Sumur Jalatundha dening Sang Hyang Nagaraja.

Ora let suwe, Bathara Guru rawuh, nglamar Dewi Pertiwi. Sang Hyang Nagaraja matur yen Dewi Pertiwi wis kagarwa Bathara Wisnu. Bathara Guru duka banget. Sigra manjing cepuri Kahyangan Sumur Jalatundha, dadi perang rame mungsuh Bathara Wisnu.







Wiracarita Mahabharata déningKrishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti KuruParaga liya
Santanu |Gangga |Bisma |Satyawati |Citrānggada |Wicitrawirya |Ambika |Ambalika |Widura |Dretarastra |Gandari |Sangkuni |Subadra |Pandu |Kunti |Madri |Yudistira |Bima |Arjuna |Nakula |Sahadewa |Duryodana |Dursasana |Yuyutsu |Dursala |Drupadi |Hidimbi |Gatotkaca |Ahilawati |Utara |Ulupi |CitrānggadāAmba |Barbarika |Babruwahana |Irawan |Abimanyu |Parikesit |Wiratha |Kicaka |Krepa |Drona |Aswatama |Ekalawya |Kertawarma |Jarasanda |Satyaki |Mayasura |Durwasa |Sanjaya |Janamejaya |Resi Byasa |Karna |Jayadrata |Kresna |Baladewa |Drupada |Hidimba |Drestadyumna |Burisrawa |Salya |Adirata |Srikandi |Radha
Topik kagandhèng
Pandawa |Korawa |Hastinapura |Indraprastha |Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra |Bhagawad Gita |Krajan Kuru |Silsilah Pandawa lan Korawa
Déwa
Deva •Brahma •Vishnu •Shiva •Rama •Krishna •Ganesha •Murugan •Hanuman •Indra •Surya •luwih akèh
Hindu omkaar
Dèwi
Devi •Saraswati •Lakshmi •Sati •Parvati •Durga •Shakti •Kali •Sita •Radha •Mahavidya •Navadurga •Matrikas •luwih akèh
Tèks
AwataraWisnu
Matsya |Kurma |Waraha |Narasinga |Wamana |Parasurama |Rama |Kresna |Baladewa (Balarama) |Buddha |Kalki


Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika,artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniVishnu.

Kapurih Ugi Kersa Mriksani

[besut |besut sumber]


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wisnu&oldid=1629454"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp