Batagor yaiku salah siji panganan khas kuthaBandung kang digawé sakatahu lan glepung trigu lan bumbu-bambu liya. Batagor yaiku cekakan saka tembungBaso Tahu Goreng.[1] Baso Tahu Goreng utawa batagor iki digawé saka campuranaci (glepung tapioka) lan daging iwaktengiri, kang banjur digorèng lan dipangan nganggo bumbukacang sing legi lan rada pedhes, lumrahé ditambah peresan banyujeruk limau lan kécap.[2]
Jinis panganan iki akèh ingBandung,Bogor, lan tlatah liya ingJawa Barat, nanging saiki Batagor wis ngrambah lan disenengi masarakat.[3]
Batagor
- Bahan:
- 250 gr iwaktenggiri, dialusaké
- 250 ml banyu ès
- 250 gr glepung kanji
- 2 lèr godhong brambang, diiris tipis
- 2 lèrslèdri, iris tipis
- 3bawang putih, dicacah alus
- ½-1 sdt uyah
- ½ sdtmrica bubuk
- 6 buahtahu putih, ukuran 4 x 4 x 2 cm
- 8 lembar kulit pangsit
- lenga kanggo nggorèng
- Pelengkap:
Cara nggawé:
- Campuriwak lan banyu ès, diuleni nganti adonan kecampur. Tambahke glepung kanji, godhong bawang,slèdri,bawang putih,mrica lan uyah, dikudhak. Adonan dibagi dadi 3, kanggo isi tahu, isi pangsit lan sijiné kanggobakso.
- Tahu diiris miring dadi 2 pérangan (bentuk segitiga). Tahu dibolongi ing tengahé, remah-remahé disisihaké. Adonan kanggo isi tahu dicampur karo remah-remahtahu, banjur diisikaké ing sajeroningtahu. Lakokaké tekan kabèh tahu keisi. Jupuk saklembarkulit pangsit, diisi nganggo adonan iwak,lakokaké tekankulit pangsit entek.
- Minyak goreng dipanasake ing wajan, kanggo nggoreng tahu isi lan pangsit tekan wernané kuning semu coklat.
- Jupuk adonaniwak, diwangun kanthi 2 sendhok, langsung dilebokake sajeroning lenga panas. digoreng tekan wernane kuning semu coklatan.
- Wadhahake tahu isi,pangsit lanbakso goreng ing dhuwur piring saji, lan diwènèhi siramansaos kacang. Dipangan kanthi saus lombok lan kecap, uga bisa diwenenhi peresanjeruk nipis.[4]
Bumbu kacang:
- Bahan
Cara nggawe:
- Kabèh bahan dialusake kanthi blender.
- Banjur dimasak ngganggo geni sedheng nganti umeb lan bumbune dadi kenthel.[5]
Gizi ing batagor lumayan akèh, apamaneh bakul menenhi inovasi kanthi nyampurake sayuran, iwak kaya tenggiri lan tuna. Kakehan bakul batagor nganggo campuran iwaktenggiri. Iwak sing jeneng ilmiah 'Scomberomorus Commerson' duwé manfaat kayaOmega 3 kanggo njaga keséhatan jantung, ngedhunake tekanan darah, uga lelara liya sing ana hubungane karo penyumbatan pembuluh darah, sarta neken pertumbuhan sèl-sèl kanker. Iwak tenggiri uga ngandhut akèh protéin.[6]
Ana 2 pendhapat kang ngadhakake sajarah batagor, yaiku;
- Pendhapat 1: Sawijining dina ana mahasiswa kang kuliah ing perguruan tinggi ingBandung kang lagi sibuk nggarap TA tekan wayah wengi. Sawijining wengi dhèwèké krasa luwe banjur metu saperlu golèk panganan. Dhèwèké ketemu bakul bakso nanging bakul mau ora gelem nglayani amarga wis wengi lan bakal rugi. Kanggo nglangi rasa luwe dhèwèké terus meneho saran kanggo bakulbakso supaya nggoreng bakso tahu iku. Bakul mau sarujuk lan tanpa sadhar, dhèwèké wis nemu resep panganan anyar saka panganan sing wis ana sadurungé. Saka kono, jenenge batagor tinemu, yaiku singkatan sakaBakso Tahu Goreng.[6]
- Pendhapat 2:Awale, bakul batagor dimulai ing tlatahKopo déning bapakIsan taun 1973, saéngga dikenal kanthi jeneng Batagor Isan, banjur pirang-pirang taun sawisé, pengusaha batagor tambah akèh, malah uga ana rumah makan kang mirunggan nyiapake batagor.[7]
- Batagor Kuah[8]
- Batagor daging[9]
- Batagor Iwak
- Batagor bayam.[6]