Tulisan Eteocypriot, Amathous,Siprus, 500–300 SM, Museum Ashmolean
Basa cures utawabasa pati yaikubasa sing ora ana manèhpanyatur asliné sing isih urip.[1]Basa jinem(dormant) yaiku basa pati sing isih dadi lambang paridhiri (identitas) kanggo sawijiningsuku. Basa iki kerep ngalami tumindakrevitalisasi.[2] Basa sing ndarbè panyatur asli karanbasa modhèren utawa basa sing tansah urip kanggo mbédakaké karo basa pati, utamané ing babagan pandhidhikan.
Basa bisa cures amarga anané linakon asimilasi budaya sing njalari prastawamalih basa. Uga amarga akeh panyatur asli sing luwih demen piguna basa manca sing dadibasantara.[3][4][5]
Ing taun 2000-an, gunggung kurang luwih 7.000 basa wis cures ing donya. Akèh-akèh saka basa iki yaiku basa-basa cilik sing panyaturé namung sathithik lan kaancam cures. Pametungan sing dibabar taun 2004 ngandharaké manawa 90% basa sing digunakaké ing taun semana bisa cures ing taun 2050.