Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Basa Cina

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaBasa Tionghoa)
Basa Cina
汉语/漢語;中文
Dituturaké ingCina,Taiwan,Singapura,Indonésia,Filipina,Malaysia, lan komunitas Cina liyané ing donya
Wilayah--
Gunggung panutur1,2 miliar
Ranking1 (yèn dianggep siji basa)
Rumpun basa
Status resmi
Basa resmi ingCina,Taiwan,Singapura
Regulated bying Cina:berbagai badan(dalam basa Tionghoa)
di Taiwan:Mandarin Promotion Council
Kodhe basa
ISO 639-1zh
ISO 639-2chi (B) / zho (T)Cithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Wangun karakter cithak kuna sakazhongwen ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦏꦤ꧀ ꧈ ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦕꦶꦤ

Basa Cina (Aksara Jawa: ꦧꦱꦕꦶꦤ )(汉语/漢語, 华语/華語, atau 中文;pinyin: hànyǔ, huáyǔ, utawa zhōngwén) iku péranganingbasawangsa Sino Tibet. Sanadyan akèh wongCina nganggep manéka varian basa Cina lésan minangka sijibasa, variasi sajeroning basa-basa lésan mau sabandhing karo variasi-variasi sing ana sajeroning umpamanébasawangsa Rum; basa katulisé uga wis owah wanguné sairing karo lumakuning wektu, sanadyan luwih alon dibandhingaké karo wangun lisané. Mula saka iku, bisa ngluwihi variasi-variasi sing ana sajeroning wangun lisané.

Saperangan basa-basa Cina kang ana kaya ta basa Mandharin, basa Kwongtung,basa Ngu (Syanghay),basa Hagkah utawa basa Kek (Ind: Hakka),basa Tyocyu (Ind: Tiociu), lan basa Hogkyen. Basa-basa mau amarga ana sing cedhak siji lan sijine kamangka bisa rada ameh padha sithik-sithik cara omonge lan bisa padha-padha dimangreteni. Ananging, manawa adoh kaya ta basa Hogkyen lan basa Mandharin kamangka cara omonge wis beda adoh. Dadi ora bisa padha-padha dimangreteni siji lan sijine kajaba yen wis sinau kanggo mangreteni owahing swara lan owahing teges tembung utawa pamilihing tembung.

Watara 1/5 sing andunungi donya migunakaké salah siji wangun basa Cina minangka panutur asli, mula yèn dianggep siji basa, basa Cina minangka basa kanthi gunggung panutur asli paling akèh ing donya. Basa Cina (dituturaké sajeroning wangun standaré,Mandharin) iku nagarabasaningCina lanTaywan, salah siji saka papat nagarabasaningSinggapur, lan salah siji saka enem basa resmiPBB.

Uga delengen

[besut |besut sumber]

Rujukan

[besut |besut sumber]
  • Hannas, William. C. 1997. Asia's Orthographic Dilemma. University of Hawaii Press.ISBN 0-8248-1892-X (paperback);ISBN 0-8248-1842-3 (hardcover)
  • DeFrancis, John. 1990. The Chinese Language: Fact and Fantasy. Honolulu: University of Hawaii Press.ISBN 0-8248-1068-6
  • Norman, Jerry. 1988. Chinese. New York, NY: Cambridge University Press.ISBN 0-521-22809-3 (hardcover).

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Èdhisi Chinese sakaWikipédia, bauwarna bébas
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Cina&oldid=1711088"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp