Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Basa Ruslan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Basa Ruslan (русский язык)
Dipituturaké ing:Ruslan (Ruslan), lan nagara-nagara pecahanUni Soviet
Laladan:Éropa Wétan lanAsia Lor
Gunggung penutur:300 yuta
Rangking:4 - 7
Klasifikasi
genetik:
Basa Indo-Éropa

 Basa Slavik
  Basa Slavik Wétan
   Basa Ruslan

Status Resmi
Basa Resmi:Ruslan,Bélarus,Ukraina,Kazakhstan lanPBB
Diatur déning:Akademi Sains Ruslan lan Institut Basa Ruslan
Kode Basa
ISO 639-1:ru
ISO 639-2(B):rus
SIL:RUS

Basa Ruslan (русский язык /'ruski ja'zik/) ikubasa Slavik kang paling akèh dicaturaké.

Basa Ruslan éwoning basa-basa Slavik kulawarga basaIndo-Éropa, lan duwé kerabat antarané karo basaSangskreta,Yunani, lanLatin.

Sajeroning rumpunbasa Slavik, basa Ruslan paling cedhak karo karo basa-basa Slavik Wétan, yaikubasa Bélarus lanbasa Ukraina. Kayadéné kaloro basa pungkasan iku, basa Ruslan migunakakéabjad Kiril kang dumadi saka 33 aksara kang diciptakaké déning loro tokoh Slavik yaiku Kirill (Cyril) lanMethodius (abad IX-X) dhedhasar abjad Yunani. Salah siji basa resmiPBB. Dipigunakaké minangka basa perantara (lingua franca) ingrepublik-republik tilas Uni Soviet. Cacahé penutur basa Ruslan iku punjul 250 yuta (1990). Basa Ruslan uga sugih karyasastra.

Basa resmi

[besut |besut sumber]

Basa Ruslan minangka basa resmi kanggoRuslan. Basa Ruslan uga minangka basa resmi ingKazakhstan,Kirgistan lanBélarusia, lan minangka basa resmi de-facto ing Abkhazia lan Ossetia Kidul. 97% sekolah ing Ruslan ,75% ing Bélarusia ,41% ingKazakhstan, 25% ingUkraina, 23% ingKirgistan, 21% ingMoldaviaa, 7% ingAzerbaijan, 5% ingGeorgia lan 2% ingArmenia lanTajikistan nganggo basa Ruslan minangka basa ing sekolah.

Sistem panulisan

[besut |besut sumber]

Abjad

Abjad Ruslan asalé saka abjad Sirilik kang dimodifikasi. Abjad Ruslan cacahé ana 33 aksara. Tabel ing ngisor wujud abjad lan cara pangucapané.

AbjadCara pangucapanе́Tarjamahan abjadTarjamahan cara pangucapanе́
Аааaa
Бббэbbе́
Вввэvvе́
ГгГэggе́
Дддэddе́
Еееyeyе́
Ёёёyoyo
ЖжжэzhZhе́
Зззэzzе́
Иииii
Ййи краткоеi (diftong)i kratkoyе́

Réferènsi

[besut |besut sumber]

    Deleng uga

    [besut |besut sumber]

    Pranala njaba

    [besut |besut sumber]
    Èdhisi Russian sakaWikipédia, bauwarna bébas
    Wiktionary
    Wiktionary
    Pirsani informasi ngenaniBasa Ruslan ingKamusWiki.
    Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Ruslan&oldid=1742688"
    Kategori:

    [8]ページ先頭

    ©2009-2026 Movatter.jp