Basa Inggris ikubasa Jermanik Kulon, sing asalé sakaInggris. Basa ini sawijining kombinasi saka pirang basa lokal sing ditrapaké déning wong-wongNurwègen,Dhénemarken,Saxon lanAngel sakaabad kaping 6 nganti10. Banjur ing taun1066, Inggris dibedhah déningWilliam the Conqueror, sang panakluk saka Normandia,Prancis Lor. Mula sabanjuré basa Inggris kena prabawa intènsifbasa Latin lanbasa Prancis. Saka kabèhkosakata basa Inggris modhèren, diperkirakaké kurangluwih 50 % asalé saka basa Prancis lan Latin.
Sajarah Basa Inggris
Perkembangan basa Inggris lumrahé dibagi dadi telung mangsa:
Basa Inggris Kuna utawa basa Anglo-Saxon,700 – 1066
Basa Inggris kagolong kulawarga basa Jermanik, lan mligi saka cabang Jermanik Wétan. Kerabaté sing paling cedhak ikubasa Frisia. Saliyané ikubasa Walanda (lan ugabasa Jerman ngisor liyané) uga isih cedhak.Basa Jerman (Basa Jerman dhuwur) rada luwih adoh manèh.
Anging saka kabèh basa Jermanik, basa Inggris iku basa sing liya dhéwé tatabasa lan kosakatané.
Ing donya basa Inggris iku basa kaping loro sing pratama disinaoni. Basa Inggris bisa nyebar amarga déning prabawa pulitik lan imperialisme Inggris banjur Karajan Manunggal ing donya. Salah sijining paribasa Inggris jaman mbiyèn bab karajan Inggris sing diaraniKakaisaran Karajan Manunggal (British Empire) iku ya papan sing “Srengéngéné ora tau sumurup” (“where the sun never sets”).