Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Baronang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Iwak baronang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Chordata
Superklas:Osteichthyes
Klas:Actinopterygii
Subklas:Neopterygii
Infraklas:Teleostei
Superordho:Acanthopterygii
Ordho:Perciformes
Famili:Siganidae
Génus:Siganus

Baronang(Siganus Sp) punikaiwak laut ingkang kalebetfamiliSiginidae. Ulam baronang dipunkenal kaliyanmasarakat kanthi nama ingkang béda-béda. Kados ingPulo Seribu dipunwastaniikea-kea, ingJawa Tengahbiawas, para warigaluh ingPuloMaluku mastanisamadar. Manawi wonten ingBasa Inggris ulam punika dipunwastanirabbitfish awit saking ulam baronang punika mangantuwuhan (rumput laut) lan caranipun mangan punika rapi kadosmesin pemangkas rumput. Ulam Baronang kalebet salah satunggaling ulam ingkang dados remening para pemancing ingsagara[1].

Ciri-ciri

[besut |besut sumber]

Ulam Baronang kalebet ulamhèrbivor kanthi dawanipun ulam ageng 20-45cm. Awakipun pipih lateral lan mbujur, dipuntutup kaliyan sisik alit. Tutukipun alit posisi terminal kanthi rahahng dipuntutup kaliyanuntu-untu. Wonten ingpunggung dipuntutup kaliyan eri tajem ingkang ngarah mangajeng. Eri punika ngandut wisa utawi racun ingkang saged matèni tiyang diwasa lan ugi saged damel gerah. Nanging daging saking ulam punika aman manawi dipundhahar manungsa[2].

Jinis-jinis

[besut |besut sumber]

Wonten ingIndonésia wonten jinis-jinis ulam baronang ingkang kados ing ngandhap punika:

  1. Siganus Guttatus utawiOrange Spotted Spinefoot (baronang tompel).
  2. Siganus Javus utawiStreaked Spinefoot (baronang angin).
  3. Siganus Canaliculatus utawiWhite Spotted Spinefoot (baronang susu).
  4. Siganus Virgatus utawiBarehead Spinefoot (baronang kalung).
  5. Siganus Stellatus utawiBrown Spotted Spinefoot (baronang lada).
  6. Siganus Vermiculatus utawivermiculated Spinefoot (baronang bathik)[1].

Variasi jumlahingendhog ulam baronang kanthi dawa 22-27cm punika ing antawisipun 200.0000-1.300.000 butir. Juwana baronangS. guttatus kanthi ukuran D35 bobotipun saged dumugi 50 gram utawi dawanipun 12 cm ing 115 dinten. Lajeng ulam baronang ingkang jinisS. canaliculatus bobotipun saged dumugi 93 gram/ékor ing dangu 5 wulan miara saking bibit kanthi ukuran 25 gram/ékor[1].

Ulam baronang punika saged kéngingparasit kadosdinoflagelata, inggih punikaAmyloodinium ocellatum. Organ ingkang kaserang inggih punika pérangan angsang lankulit. Ulam ingkang kaserang déning parasit punika katingal bilih nailka wonten toya renang kanthimegap-megap wonten ing lumah toya. Lajeng medal warnamerali ing kiwa-tengenélambé lan tandha-tandhaanémia[1].

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcd[1][pranala mati permanèn], Jinis, karakter, spot favorit baronang-iftfishing (dipun-akses tanggal 16 November 2012).
  2. [2]Archived 2011-11-25 at theWayback Machine., Ikan laut mbebayani.pdf (dipun-akses tanggal 15 November 2012).
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Baronang&oldid=1689957"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp