Barok ya iku salah sawijiné gaya ing babagan seni.[1] Ora mung ing seni rupa, nanging uga ana ing seni musik.[1] Wektu saka kira-kira taun 1600-1750 ing jero sajarahmusik ya iku salah sijiepoche kang wutuh kang sinebutBarok utawa jamanbasso continuo utawa jamanstilo concertante.[1] IstilahBarok kang sapisan dienggo dadi jeneng gaya kesenian ing bukuEncyclopédie karanganDenis Diderot ing taun 1750 lan diartèkna miturut tembungPortugisbarucco utawabarocco dadi bulat miring utawa lonjong, kira-kita wujudké mutiara.[1]
Pangrasa lan pikiran wong Barok ora namung ngeti awaké dhéwé saka citra Tuhan, kang dadi pedoman lan ukuran kaéndahan.[2] Dhèwèké uga miwiti merhatèkna pangrasané lan imajinasiné.[2] Wong Barok ngusahani nambah kesan mewah lan luwih-luwih, dhèwèké ora rasa-rasa kanggo ngeluasna wates realita urip karo kayalan-kayalan kang fantastis.[2]
Paraseniman Barok ora namung nirokaké alam kaya para senimanRenaissance, nanging dhèwèké makarya kanthi kreatif.[3] Prosès iki, kadang kaya-kaya nglawan alam.[3] Tuladhané, yèn ing alam kaya utan lan rawa dibangun pura karo kebon kang disusun kanthigeometris-matematis.[3] Mangkono uga para sastrawan nyiptaaké karyasastra kang teratur lan buku kang duwé ngèlmu dhuwur.[3] Para pemusik nganggep awaké dhéwémusicus poetius utawa komponis kang nyipatakna karya (opus) kanggo nama.[3]
Gaya Barok éntuk titik pangkal ingItalia, taun1568 ingRoma dibangungréja II Gesu.[4] Musik Barok kaya taSuita, Variasi, Passacaglia, Fuga, lsp nyerminaké sikap dhasar kaya iki : musik cukup urip, duwé pola variasi, nanging ora pinuju ing siji titk tujuan, kaya ing wujudsonata klasik[4] Ing musik Barok ora dilukisna pangrasa kang dilakoni dhéwé.[4] Pangrasa lan émosi uga ditingkataké ing gaya kang ora jarang duwé sipat kaku.[4]
Ing jaman Barok, bali jinunjung dhuwur téyoriPythagoras ngenanimusik akasa.[5] Ing Abad pertengahan bayangna antik ngenani musik akasa iki wis didhuwurna dadimusica coelestis (pujian alam raya marang Gusti) sartamusica angelica (pujian marang Gusti saka para malaékat ing swarga).[5]