Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Babad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Babad iku salah siji gènré sastra, mligi ingsastra Jawa. Karya-karya sastra mawa gènré babad racaké ngemu camboraning sajarah, mitos, lan kapitayan.[1] MiturutM. C. Ricklefs, patitising kandhutan babad ana manéka rupa, nanging ana sawatara babad kang kandhutané bisa ingaran rada titis tur bisa dadi sumbering sajarah kang migunani.[2]

Pérangan gedhé babad tinulis ing wujudmacapat, nanging uga ana kang tinulis ing wujudgancaran. Ana pérangan cilik babad kang tinulis ingbasa Bali. Ing Bali, karya-karya mawa gènré babad racaké tinulis ing jamaningKaraton Gelgel (1340-1705).[1]

Ètimologi

[besut |besut sumber]

Tembung "babad" ikutembung Jawa kang tegesé "negori wit-witan kanggo yasa padésan".[3] Gegayutané karo gènré sastra babad iku amarga carita utawa sajarah kang kinandhut ing karya babad padatan kawiwitan saka pambabading alas kanggo yasa padésan ing carita.

Pamérang

[besut |besut sumber]

Dhedhasar jinising tulisané, babad kapérang dadi macapat lan gancaran. Sanajan pérangan gedhé babad tinulis ing wujud macapat, nanging ana uga kang tinulis ing wujud gancaran kaya taBabad Pagedhongan lanBabad Sruni.[1]

Dhedhasar kandhutané, babad sok kapérang dadi telung jinis.[1]

  1. Babad kang ngemu sajarahing panggonan kaya ta:Babad Tanah Jawi,Babad Kartasura,Babad Banten,Babad Bandawasa,Babad Pathi,Babad Wirasaba,Babad Brebes, lanBabad Kebumèn
  2. Babad kang ngemu sajarahing pawongan kaya ta:Babad Ajisaka,Babad Arungbinang,Babad Dipanegara,Babad Mangkubumi,Babad Pakualaman,Babad Sultan Agung,Babad Trunajaya,Babad Untung Surapati, lanBabad Brawijaya
  3. Babad kang ngemu sajarahing lelakon kaya ta:Babad Bedhah Ngayogyakarta,Babad Giyanti,Babad Pacina, lanBabad Prayut

Dhedhasar basané, pérangan gedhé babad tinulis ing basa Jawa. Mung pérangan cilik babad kang tinulis ing basa liyané kaya taBabad Pasek,Babad Arya, lanBabad Bulèlèng kang tinulis ing basa Bali[1] lanBhābhād Soengenep kang tinulis ingbasa Madura.

Kandhutan

[besut |besut sumber]

Babad sok ngemu unsur-unsur irasional lan magis kang memuji ratu dalah wangsané (dhinasti). Pamuji iku ingaran minangka pambudidaya nggegedhé begja lan sektining ratu minangka punjering pamuja tur wewakiling Gusti ing donya.[1]

Ing sor iki contoning pamuji ingBabad Pagedhongan.

Babad Pagedhongan
Kanjeng Sultan Agung paring pangandika manèh, "Kakang Pengulu, muga aja ndadekaké kaliruning pamikirmu, ing sarèhning ingsun iki Kalifatullah, apa ora béda karo kawulaningsun?" Kyai Pangulu matur, "Nuwun saèstu sanès sanget katimbang kaliyan kawula dalem. Sabab sarira dalem Nata, punikawewakiling Allah mustikaning jagad raya jumeneng ngasta pangwasa kukum adil leres, langgeng rineksèng bawana."

Réferènsi

[besut |besut sumber]
  1. abcdefWidati, Rahayu & Prabowo 2015, kc. 49–50.
  2. M. C. Ricklefs,A History of Modern Indonesia since c. 1200, Palgrave MacMillan, New York, 2008 (terbitan ke-4),ISBN 978-0-230-54686-8
  3. Poerwadarminta 1939.

Pratélan pustaka

[besut |besut sumber]
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Babad&oldid=1536113"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp