Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Aurora

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aurora Borealis Cemlorot ing NdhuwurBear Lake
Bangjo(Abang lan Ijo) Aurora ingFairbanks, Alaska
Cahya Aurora sisih lor karo Aurora biru sing langka bangetMoskosel,Lapland ingSweden
Aurora Australis ingAntartika

Pangartianne

[besut |besut sumber]

Northern Lights utawaAurora ya iku kedadeyan metunécahya sing mbulat-mbulat ningLapisan Ionosfer sakaplanit amarga enenge interaksi antaranémedan magnetik sing diduweni planit mau karo partikel sing duwé partikel momotan sing dipancarkesrengéngé (maruta srengéngé).[1]Ningdonya,aurora iki eneng ning sisihKutub Lor lanKutub Kidul magnetiké.[1] Aurora sing kedaden ning sisihLor mau nganggo jenengAurora Borealis (IPA /ɔˈɹɔɹə bɔɹiˈælɪs/), sing dijenengiDewi Fajar Rom, Aurora, lan jenengYunani kanggo angin lor,Boreas.[1] Iki amarga ningÉropah, Aurora kerep keton kaya abrit-abrit ningUfuk Lor sing kaya ketok srengéngé njedhol saka sisih iku.[1]Aurora Borealis mesthi eneng ing sasiSeptember lanOktober,Maret lanApril.[1] Kadaden Aurora iki ning sisih kidul dijenengiAurora Australis sing duwé sipat padha.[1]Jarene, sing paneliti ionosfer, fenomena alam ingatmosfer nduwur sing kapisanan ya ikuaurora.[2] Dhapuré aurora ana kaya lengkung utawa mbelengkuk,garis, kaya lembara, lsp sing ketok ning wayanh bengi ning langit.[2] Miturut legenda-legendaYunani lanCina, aurora iku dianggep penampakan déwa/penguasaalam semesta.[2]Kedadeyan Northern Light ing wektusubuh ningkutub lor, sing ngetokke cahya sakaawang-awang racaké uga bisa diaranipolar auroras, amarga racaké ketok antrané 65-72 drajat lintang lor lankidul.[2] Kedadeyan Northern Light arang-arang lan ora kethok karomripat biyasa.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdef[1]Archived 2011-02-25 at theWayback Machine. (diakses tanggal 15 Juli 2011)
  2. abcde[2] (diakses tanggal 15 Juli 2011)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Aurora&oldid=1694366"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp