Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Atropin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Atropin
Jeneng sistematis (IUPAC)
(RS)-(8-Metil-8-azabisiklo[3.2.1]oct-3-yl) 3-hidroksi-2-fenilpropanoat
Data klinis
Jeneng dagangAtropine, Spasmal, Spasminal
AHFS/Drugs.comMonograph
MedlinePlusa682487
Kat. kehamilanA(AU)C(US)
Status hukum?
RutePer oral, intravena, intramuskular, rektal
Pharmacokinetic data
Bioavailabilitas25%
Métabolisme≥50% dihidrolisa menjadi tropin danasam tropik
Wektu paro2 jam
Èkskrèsi15–50% diekskresikan di urine
Pangenal
Nomor CAS51-55-8 ☒N
Kode ATCA03BA01Cithakan:ATC
PubChemCID 174174
Ligan IUPHAR320
DrugBankDB00572
ChemSpider10194105Cithakan:Chemspidercite
UNII7C0697DR9ICithakan:Fdacite
KEGGD00113 ☒N[kegg]
ChEBICHEBI:16684 ☑Y
ChEMBLCHEMBL9751 ☑Y
SinonimDaturin[1]
Data kimia
FormulaC17H23NO3 
Massa mol.289.369 g/mol
SMILESeMolecules &PubChem
  • InChI=1S/C17H23NO3/c1-18-13-7-8-14(18)10-15(9-13)21-17(20)16(11-19)12-5-3-2-4-6-12/h2-6,13-16,19H,7-11H2,1H3/t13-,14+,15+,16? ☑Y
    Key:RKUNBYITZUJHSG-SPUOUPEWSA-N ☑Y

Atropin ya iku zat saka golongan antikolinergik sing digunakaké minangka obat kanggo prosedhur preoperatif (bisa digunakaké bedhah umum lan operasi mata katarak). Atropin diprodhuksi ing wujud iketan karo sulfat.[2] Atropin kalebu golongan obat antikolinergik kang tegesé bisa ngurangi stimulasi saraf parasimpatik kanthi cara ngalangi kerja asetilkolin. Asetilkolin iku minangka neurotransmitter sing mbiyantu mindahaké impuls listrik antaranésèl saraf. Nalika asetilkolin iku dialangi, sékrèsiklanjer idu, getah lambung,luh lan lendhir liya bisa disuda. Racaké. atropin diwènèhaké ing wujud tablèt ombé, injèksi menyang otot, injèksi intravéna lan obat tètès mata. Atropin duwé jeneng dagangatropine,atropine sulfate, lancendo tropine.

Piguna

[besut |besut sumber]

Atropin minangka obat kanggo nambani kontraksi ing weteng lan usus kandhung kemih, lan saluranempedhu. Piguna atropin kaya déné:

  • Njaga fungsi jantung supaya tetep lumaku ing prosedhur operasi sing gegayutan karo jantung.
  • Ngendhalekaké kahanan kaya takolitis,divertikulitis, kolik bayi, kolik ginjal lan empedhu,ulkus peptis, ugasindrom iritasi usus.
  • Ngobati rasa kaku, gemeter lan kakéhan kringet amarga lara parkinson.
  • Ngurangi prodhuksi cuwèran ing awak kaya ta asam lambung lan lendhir ing saluran ambegan.[3]
  • Minangka obat tètès mata kanggo ngambakaké pupil sadurungé pemeriksanan mata lan ngobatiamblyopia (mata males)[4]
  • Ngelawanbradikardi sing mbebayani
  • Bebarengan karo neostigmin bisa mulihaké penghambatanneuromuskuler kompetitif[5]

Dhosis

[besut |besut sumber]

Dhosis miturut ganggunan médhis sing ditandhang ya iku:

  • Bradikardia. Dhiwasa 500 mcg, panganggonan 3-5 menit pisan (maksimal nganggo 3 mg saben dina)
  • Divertikulosis. Dhiwasa 0,16 – 1,2 mg saben dina
  • Operasi refraksi mata. Dhiwasa 1 tétés, 1-2 panganggonan sadurungé operasi ditindakaké. Bocah 1-2 tètès. 1-3 panganggonan sadurungé operasi ditindakaké
  • Keracunan organofosfat. Dhiwasa 2 mg disuntik ing intravena (IV) saben 10-30 menit sepisan. Bocah 20 mcg saben kg bobot awak, panganggonan saben 5-10 menit sepisan.[6]

Interaksi obat

[besut |besut sumber]

Menawa atropin dipigunakaké bebarengan karo obat liya bisa nyebabaké pirang-pirang risiko ya kuwi:

  • Bisa njedhulaké èfèk samping obat atropin menawa digunakaké bareng quinidine, antidepresan, lan antihistamin.
  • Bisa njedhulaké èfèk samping obat digoxin menawa digunakaké bareng digoxin.
  • Ngedhunaké èfèktivitas atropin menawa digunakaké bareng pilocarpine, trihexyphenidyl, tolterodine, scopolamine, hyoscyamine, amitriptyline, lan diphenhydramine
  • Ngedhunaké èfèktivitas obat aripiprazole, trifluoperazine, sulpiride, risperidone, quetiapine, promethazine, perphenazine, paliperidone, haloperidol, lan clozapine menawa digunakaké bareng atropin.
  • Ana risiko njedhulakéhipertènsi lan ganggunan detak jantung menawa digunakaké karo phenylephrine.[7]

Èfèk samping

[besut |besut sumber]
Atropin sulfat

Nalika migunakaké atropin ana èfèk samping sung umum ditemoni ya kuwi:

  • Lambé dadi garing
  • Mumet
  • Awak krasa lemes
  • Kembung
  • Dhegelen
  • Sènsitif sorot cahya sing padhang
  • Kulit krasa garing lan panas
  • Angèlnguyuh
  • Kringeten sethithik
  • Ngantuk
  • Midriasis
  • Palpitasi
  • Takikardia[8]

Èfèk samping sing mbebayani lan kudu madhegaké panganggonan atropin ya iku:

  • Jantung dheg-dhegan cepet
  • Ruam kulit lan gatel-gatel
  • Angèl ambegan
  • Cangkem lan ilat bangkak
  • Gurung dadi sempit
  • Angèl micara lan ngolu
  • Halusinasi

Kapustakan

[besut |besut sumber]
  1. Rafinesque, Constantine Samuel (1828).Medical Flora; Or, Manual of the Medical Botany of the United States of ... - Constantine Samuel Rafinesque - Google Books. Dibukak ing2012-11-07.
  2. Riawati."Atropin".Alomedika. Dibukak ing2020-05-27.
  3. Hapsari, Annisa (2020-05-11)."Atropin (Atropine)".Hello Sehat. Dibukak ing2020-05-27.
  4. Olivia (2018-11-12)."Atropine".SehatQ. Diarsip sakasing asli ing 2021-02-28. Dibukak ing2020-05-30.
  5. "ATROPIN SULFAT".Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan. Diarsip sakasing asli ing 2020-05-29. Dibukak ing2020-05-30.
  6. Verizarie, Rhandy (2020-01-18)."Atropin: Manfaat, Dosis, Efek Samping, dll".Dokter Sehat. Diarsip sakasing asli ing 2020-03-21. Dibukak ing2020-05-30.
  7. "Atropin".Alodokter. 2019-02-18. Dibukak ing2020-05-30.
  8. "Honestdocs".Honestdocs. 2019-02-22. Dibukak ing2020-05-30.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Atropin&oldid=1667387"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp