Aswatama iku putraneDrona lanDewi Wilutama. Wiwit cilik Aswatama ditinggal déning ibune. Aswatama kalatih déning Drona kaya dénéPandhawa lanKurawa. Dhèwèké éntuk pusaka panah sekti saka ramane, ya ikuPanah Cundamanik.
Ing perangBharatayudha, Aswatama ngerti pokalePrabu Salya kang mbela Pandhawa nalika dadi kusireAdhipati Karna. Dhèwèké nyoba lapur marangDuryodhana, nanging raja Astina iki ora percaya. Aswatama minggat saka Kurusetra.
Ing pungkasane Bharatayudha, Aswatama sesidheman lumebu ing kraton. Dhèwèké matèni kabèh anak-bojone Pandhawa kang isih urip. Pas arep matèniParekesit, anakéAbimanyu iki mancal keris kang banjur matèni Aswatama.
Kacarita,Bambang Kumbayana sakaAtasangin, awit saka kersane ramane bakal didhaupake karo sawijiningendhang atmajane Brahmanaresi ingMadhendha. Nanging, Kumbayana ora saguh. Gelem nambut silahing akrama yen karowidadari ingKahyangan.Resi Baratwaja (ramane Kumbayana) paring priksa yen wong jejodhoan iku kudu sabobot. Ora samesthine lan ora sabobot yen manungsa ing marcapada ngangkah duwe sisihan widadari.
"Tiyang gesang gadhah pangangkah menika rak kenging-kenging kemawon to Rama? Perkawis kabul lan mbotenipun, menika perkawis nasib," ature Bambang Kumbayana.
Amarga dhawuhe ora diestokake, Resi Baratwaja duka. Kumbayana ditundhung minggat saka padhepokan. Kumbayana nuli oncat saka Atasangin, lunga saparan-paran. Dumadakan, tuwuh krentege nedya ngupadi mitrane kang jenengeSucitra. Miturut pawarta, Sucitra wis jumeneng ratu ing negaraPancala, jejuluk Prabu Drupada. Kumbayana niyat ngepek kamukten, mula banjur jumangkah tumuju negara Pancala.
Pirang-pirang dina Bambang Kumbayana nasakalas, munggahgunung, mudhunjurang. Nalika lakune tekan gisikingsagara, lakune dadi kandheg, awit kepalang samodra kang jembare prasasat tanpa tepi. Amarga adreng karepe kudu tekan Pancala, mula Kumbayana banjur ngucapake pasanggiri, "Sing sapa bisa nyabrangake aku ngliwati samodra iki nganti tekan ing pesisire negara Pancala, yen lanang dakrengkuh dadi kadhang sinorohwadi, yen wadon bakal takdadekake garwaku."
Dumadakan, anajaran sembrani wadon kang tumurun saka dirgantara. Mbengingeh karo mendhak-mendhak ing ngarepe Kumbayana, ing semu njaluk ditumpaki.
Tanpa mikir dawa, Kumbayana nyengklak jaran wadon iku, banjur digawa mabur ing sandhuwure samodra. Kumbayana ngrasakake kepenak banget numpak jaran sembrani iku, banjur tuwuh nakale. Jaran sinanggama, satemah nggarbini. Jrone 9 sasi 10 dina jaran kekiter ngambah dirgantara. Bareng krasa arep nglairake, banjur niyup mudhun ing pesisire negara Pancala.
Ora let suwe, jaran sembrani nglairake bayi lanang, dlamakane sikil wujud tracak jaran, rambute rambut jaran. Bayi mau diparingi tetenger Bambang Aswatama, tegese jaran linuwih, lan diupakara Bambang Kumbayana.
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |