Ngastina utawaAstinapura utawa 'Hastinapura (Sansekerta:हस्तिनापुर) iku kutha lanNagar Panchayat ing distrikMeerut,Uttar Pradesh, prajaIndia. Astinapura utawa Hastinapura asal saka tembungHasti (gajah) +Pura (kutha). Akèh lelakon ing carita Mahabharata sing kadadéan ing Astinapura. Ing mangsa saiki, kutha iki karanHastinapura, siji kutha cilik sing dumunung ingUttar Pradesh, leté watara 120 km sakaDelhi. Ing kutha iki akèh tinemu objek wisata sing narik kawigatèn kaya Kuil Jain lan Taman Nasional Hastinapur.
Kutha Astinapura iku pusat papréntahan karajan para Kurawa (keturunanKuru, Dinasti Kuru) sing uga muncul sajeroning kisah èpikMahabharata.
Para Ratu Astinapura iku katurunan RatuBharata lan RatuKuru, mula karan Wangsa Kurawa (Kuruwangsa). Sajeroning kitabMahābhārata, kisah séntral Para Ratu Astinapura diwiwiti saka katurunan PrabuSantanu. Prabu Santanu duwé garwa loro, yaikuDèwi Gangga lanSatyawati. Saka kekarone, Prabu Santanu duwé putra telu, yaiku:Bhisma,Chitrāngada, lanWicitrawirya. Bhisma lair saka Dèwi Gangga dené Chitrāngada lan Wicitrawirya lair saka Dèwi Satyawati.
Bhisma wis sumpah ora bakal kawin, dénéChitrāngada palastra ing yuswa anom nalika tarung lawan RajaGandharwa sing jenengé padha. Sauntara ikuWicitrawirya dinikahaké karo loro putri sakaKarajan Kasi, yaikuAmbika lanAmbalika. Nanging Wicitrawirya séda tanpa katurunan. Supaya tahta karajan bisa diwarisaké, kaloro randha Wicitrawirya dipasrahaké marang ResiByasa sing isih duwé gayutan kakrabatan karo kulawarga karajan.
ResiByasa nganakaké ritual nyuwun anak. Sawetara wektu sawisé iku kaloro randhaWicitrawirya banjur ngandhut. Saka Ambika lairDréstarastra sing wuta. Saka Ambalika lairPandhu sing pucet praupané. Saka panyuwunan DèwiSatyawati, Resi Byasa kersa nerusaké upacara lan Dèwi Satyawati ndangu siji peladèn anamaSudri. Saka peladèn iki lairWidura.
Ing kawruh pedhalangan, Astinapura kaaran Ngastina. Dene kang jumeneng nata ing Ngastina miturut layang Bauwarna yaiku :
- Prabu Palasara sinangkalan: sirna ilanging swara (700) Ehe.
- Prabu Kresnadipayana (Abyasa) sinangkalan: panêmbahing wong pitu (712) Be.
- Prabu Pandu Dewanata, sinangkalan: gapura siji anywara (719) Dal.
- Prabu Dhestarata, sinangkalan: amisaya bujaning pandhita (725) Jimawal.
- Raden Kurupati, Prabu Suyudana, Prabu Duryudana, R. Jayapitana, sinangkalan: salira sinêmbah ing pandhita (728) Be.
- Prabu Yudhistira, Prabu Darmaputra, R. Puntadewa bubar prang Bratayuda, sinangkalan: salira warnaning suka (748) Ehe.
- Prabu Kresnadipayana, R. Parikêsit, rupaning buta pêpitu (751) Dal.
- Prabu Yudayana, sinangkalan: mantri wolu umatur (783) Dal.
- Prabu Gendrayana, sinangkalan: warna anrusing swara (794) Jimakir.[1]
- ↑Padmasusastra.Layang Bauwarna - 1898 (ing basa Jawa).