Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Astadasaparwa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Mahabharata
Artikel iki minangka bagéyan saka sèri
Susastra Hindhu
aum symbol
Veda
Rgveda ·Yajurveda
Samaveda ·Atharvaveda
Pamérangan Veda
Samhita ·Brahmana
Aranyaka  ·Upanisad
Upanishad
Aitareya  ·Bṛhadāraṇyaka
Īṣa  ·Taittirīya ·Chāndogya
Kena  ·Muṇḍaka
Māṇḍūkya  ·Praśna
Śvetaśvatara
Wedangga
Śikshā ·Chanda
Vyakarana ·Nirukta
Jyotisha ·Kalpa
Itihasa
Mahabharata ·Ramayana
Susastra liyané
Smrti ·Purana
Bhagavad Gita ·Sutra
Pancaratra ·Tantra
Kumara Vyasa Bharata ·Stotra
Hanuman Chalisa ·Ramacharitamanas
Shikshapatri ·Vachanamrut
Deleng uga
Mitologi
Kosmologi
Déwa-Dèwi
Portal Hindhu

Astadasaparwa (Sanskerta:अष्टदशपर्व) inggih punika nama kanggé 18 kitabMahabharata, ingkang kasungsun saking:[1]

  1. Adiparwa
  2. Sabhaparwa
  3. Wanaparwa
  4. Wirataparwa
  5. Udyogaparwa
  6. Bhismaparwa
  7. Dronaparwa
  8. Karnaparwa
  9. Salyaparwa
  10. Sauptikaparwa
  11. Striparwa
  12. Santiparwa
  13. Anusasanaparwa
  14. Aswamedikaparwa
  15. Asramawasikaparwa
  16. Mosalaparwa
  17. Prasthanikaparwa
  18. Swargarohanaparwa[1]

Bagean-pérangan Astadasaparwa

[besut |besut sumber]

Adiparwa

[besut |besut sumber]

KitabAdiparwa minangka kitab kapisan saking seri Astadasaparwa ingkang nyariosaken manéka cariyos ingkang ngandhut ajaranHindhu. Cariyos kepahlawanan dipunbumboni kaliyan ngèlmu sakti kaliyanmitologi. Wonten ing pérangan ngajeng ingkang dipuncariyosaken inggih punika babagan MaharajaJanamejaya ingkang ngawontenaken upacara pangorbananula.[2] Nanging upacara punika gagal. Kanggé panglipur Sang Raja, BagawanWesampayana nyariosaken babagan leluhur Sang Raja, lajeng pindah maring cariyos pemuteran Mandaragiri, cariyos SangGaruda kaliyan paraNaga, cariyos BagawanDhomya, cariyos para Raja ageng:Yayati,Bharata,Santanu. Kajawi punika kitab Adiparwa ugi nyariosaken babagan lairipun RsiByasa (penyusun kitabMahabharata), cariyos nalika alitipun paraPandawa sahaKorawa, cariyos para Pandawa menangakenDrupadi lajeng dados garwanipunPandawa, Arjuna ingkang ngasingaken dhiri maring alas lajeng krama kaliyanChitrāngadā,Ulupi, sartaSubadra, sarta cariyos lairipunAbimanyu, putra Arjuna kaliyanSubadra.[1]

Sabhaparwa

[besut |besut sumber]

KitabSabhaparwa minangka kitab ingkang angka kalih saking sèri Astadasaparwa. KitabSabhaparwa nyariosaken babagan paraKorawa ingkang pados akal kanggé musnahaken paraPandawa. Adhedhasar akal licikSangkuni,Duryodana ngajak paraPandawa main dadu. Taruhanipun inggih punika harta, pura, karajan, prajurit, dumugi dhiri pribadinipun piyambak. Wonten ing permainan ingkang sampun dipunakali déning paraKorawa mau, paraPandawa kalah. Wonten ing cariyos mau ugi kacariyosaken bilihDropadi badhé dipunicali busananipun déningDursasana amargi nampik masrahaken agemanipun. Saking pitulunganipun SriKresna, Dropadi saged kaslametaken.[2]Pandawa ingkang sampun kalah wajib masrahaken sadaya hartanipun, ananing berkat pangampunan sakingDretarastra, paraPandawa saged bébas malih. Nanging amargi siasatipun Duryodana ingkang licik lan culika, perjudian dipunadani malih. Sapunika taruhanipun sinten ingkang kalah kedah medal saking karajanipun saha ngasingaken dhiri antawis wekdal 12 taun. Nalika taun ingkang angka 13, ingkang kalah kedah nyamar antawis satunggal taun. Nalika taun ingkang angka 14, ingkang kalah sampun gadhah hak malih dhumateng karajanipun. Wonten ing tetandhingan mau, para Pandawa kalah saéngga kapeksa ninggalaken karajanipun.[3]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abc[1]
  2. ab[2][pranala mati permanèn]
  3. [3]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Astadasaparwa&oldid=1655038"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp