Asan inggih punika satunggaling kuthaChungcheong Kidul,Korea Kidul. Winatesan kaliyan WIlayah MétropolitanSeoul mangalèr. Asan punika gadhah penduduk kirang lagkung cacahipun 250.000.
Asan punika kondhang awit saking tuk (mata air) panas lan dados kutha spa. Asan punika sampun tuwuh dados désa tangganipun Onyang-dong, ingkang ugi kondhang minangka sumbering toya panas.
Kutha Asan punika ngginakaken stasiun sepur ingkang daya lajunipun rikat,KTX kaliyan kutha tangganipun inggih punikaCheonan ingkang dipunsebatStasiun Cheonan-Asan. Mbetahaken wekdal kirang langkung 30 menit kanggé lelampahan saking Asan dhateng Seoul kanthi ngginakaken sepur KTX. Pérangan punika saged dipunlampahi kanthi wekdal 2 jam sakingBandar Udara Internasional Incheon kanthi ngginakaken mobil. Seoul Metropolitan Subway dipundawakaken setunggal baris kanggé layanan Asan nalika tanggal 15 Dhésèmber 2008. Kalih margi utama, Seoul-Busan lan West Coast Expressway, punika ugi ngliwati Kutha Asan.
Perusahaan kados déné Hyundai Motor, Samsung LCD, lan Samsung Electronic gadhah kathah pabrik wonten ing Asan. Wonten 14 kompleks industri samenika ingkang dipunagem déning autoparts, komponèn èlèktronik lan pabrik-pabrik sanèsipun.
Pelabuhan Pyeongtaek, paling celak kaliyan pantai wétan China ing antawisipun port Koréa, mapan wonten ing celakipun Asan.
Asan punika dalem kanggé 5 universitas.
- Nalika taun 1983, satunggaling perusahaan saking kutha alit (ri) lan kutha-kutha (myeon) punika dipundamel.
- Nalika taun 1986, Onyang eup (utha) saking Asan dipunpisahaken lan kutha independen Onyang dipundamel.[1]
- Nalika taun 1995, kutha Onyang lan wewengkon Asan punika dipungabungaken dhateng kutha Asan.
Tiyang-tiyang ingkang kondhang ingkang sesambetan kaliyan Asan punika kalebetYun Po Sun, mantanPrésidhen Korea Kidul.
AdmiralYi Sun-sin, ingkang saged ngasoraken angkatan laut Jepang nalika abad ingkang kaping 16, mapan sedangunipun sapérangan wekdal wonten ing Asan. Sapérangan réplika miniatur saking kapal bulus(kura-kura) ingkang dipundamel déning Laksamana Yi wonten ing pinggiran kutha.
Cithakan:Kota metropolitan ing Korea Kidul