Arsenal Football Club (dikenal uga minangkaArsenal utawaThe Gunners) yaiku kelompokbal-balan sakaInggris kang ana ing tlatahLondon sisih lor. Arsenal main ingLiga Utama Inggris lan kagolong tim bal-balan kang gedhé ingInggris. Arsenal uga dadi anggota kelompokG-14, yaiku wadhahing klub-klub bal-balan gedhé ingÉropah. Arsenal awit taun 2007 duwé kandhang ingStadion Emirates.
Ing taun1886 Arsenal madeg ing kuthaWoolwich, pérangan kidul wétan kutha London. Taun1913, Arsenal banjur pindhah ngalor menyangStadion Highbury, kang dadi markasé nganti wulan Mèi 2006. Amarga cedhak kaliyan markasTottenham Hotspur, mulané saben tetandhingan Arsenal lawan Tottenham diarani "North London derby". Arsenal ngrembaka lan misuwur punika kawiwitan saking pelatihHerbert Chapman kang nglatih ing taun1925-1935 lan mgasilake juwara liga.
Déné ing Éropah, Arsenal misuwur wiwit taun 1971, ing kejuwaraanFairs Cup (sapunika dadosPiala UEFA). Arsenal dados juwara sawisé ngalahakéAnderlecht kanthi gol 4-3. Wanci punika Arsenal dilatih déningBertie Mee. Sajeroning taun 1980an Arsenal kasil nambah sawatara gelar domestik.
Ing warsa1991, Arsenal dadi juwara bebarengan karo Tottenham ingCommunity Shield kanthi skor imbang. Lajeng ing warsa1994, nalika dilatih déningGeorge Graham, Arsenal dados juwara manèh ingÉropah bakda ngalahakéParma kanthi gol 1-0. Arsenal mlebu final ing taun1995, nanging dikalahaké déningReal Zaragoza kanthi gol 2-1.PelatihArsène Wenger ing warsa 1996 kasil ndadèkaké Arsenal tim kang gedhé manèh. Arsenal uga kasil ngalahakeManchester United ing Liga Utama Inggris wektu semana. Arsenal dadi juwara loro (runner-up) ing Piala UEFA taun 2000 bubar nglawanGalatasaray kanthi adu penalti 4-1. Ing taun2003-2004 lan2004-2005, Arsenal kasil nyétak rekor 49 tetandhingan ora tau kalah lan medhotaké rekorNottingham Forest (42 kali) kang dadi rekor paling suwé sajeroning sujarah bal-balan Inggris.Nalika taun 2005-2006, Arsenal kasil nggayuh bebungah manèh ing Liga Éropah, yaiku dadi finalisLiga Champions nanging dikalahaké déningFC Barcelona 2-1 ingStade de France,Paris.
Wiwit ngadeg, Arsenal bola bali pindhah stadion. Wiwit saka lapangan ing Woolwich, terus pindhah menyang London Lor lan yasa Stadion Highbury, kang dianggo pisanan ing taun 1913. Mulai sasi Juli2006, klub iki ngenggoni markas anyaré ingStadion Emirates kang duwé kapasitas 60.500 kursi lan dumunung ingAshburton Grove sawisé udakara 93 taun manggon ing Stadion Highbury. Peresmian nggunakakéStadion Emirates kanthi nganakaké tetandhingan persahabatan kanggo perpisahanDavid Bergkamp, sawijining mantan juru main penyerang Arsenal.
Patrick Viera ngangkat tropi Liga Inggris 2003/2004.Arsenal's players and fans celebrate their 2004 League title win with an open-top bus parade