Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Ara-ara yaikupalemahan jembar kang ora tinanduran tur ora digarap kanggosawah lantegal. Ing karang padésan, ara-ara iki kerep dadi panggon angonsapi utawa panggondolan bocah angon kaya ta dolananbal-balan, manjerlayangan, golèkjangkrik lan sapanunggalané. Palemahan kang diumbarbera iku racaké amarga kurangbanyu kanggo mbudidayatetuwuhan.
Ing laladankutha uga kerep tinemu palemahan kang dadi ara-ara. Babagan iki wiyahé amarga anané sulaya hak duwé lemah utawa isih diumbar déning kang duwé lemah sinambi nunggu regané mundhak.