Apokat,alpukat, utawa jeneng LatinéPersea americana[1] ikutetuwuhan pangasilwoh méja kanthi jeneng padha. Tetuwuhan iki asalé sakaMèksiko lanAmérika Tengah. Saiki akèh dibudidayakaké ingAmérika Kidul lan Amérika Tengah minangka tuwuhan pakebonanmonokultur lan minangka tuwuhan pekarangan ing laladan-laladantropika liyané ing donya. Apokat iki bisa ditemoni ing ngendi waé ing PuloJawa.
Wité kanthi dhuwur batang bisa nganti 20 m lan godhongé dawané 12 nganti 25 cm. Kembangé ndhelik kanthi warna ijo semu kuning lan ukuranné 5 nganti 10 milimeter. Ukuran wohé variasi saka 7 nganti 20 sentimeter, kanthi massa 100 nganti 1000 gram; wiji kang gedhé, 5 nganti 6,4 sentimeter.
Wohé wujudé kayajambu, seukuran kepelan tangan,kelir kulité lumrahé ijo tuwa uga ana kang rada ireng. Woh iki kanggo bahanwédangan dadi ora dipangan langsung. Nèk digawé wédangan kudu diwèhigula mèn legi uga umum dicampursusu. Sing dipangan iku dagingé kang keliré ijo enom. Apokat kang wis mateng dagingé radalembèk.
Jeneng apokat utawa avokad (saka basa Inggris,avocado) asalé sakabasa Aztek,ahuacatl (diwaca kira-kira "awakatl"). Suku Aztek ana ing laladan Amérika Tengah lan Mèksiko. Mula, woh iki nalika awalé ditepungi ing laladan mau.
Nalika wadyabalaSpanyol lumebu wewengkon mau watara awal abad kaping 16, manéka tetuwuhan saka laladan iki, kalebu apokat, ditepungaké marang wargaÉropa. Wong pisanan kang nepungaké woh apokat marang warga Éropa yaikuMartín Fernández de Enciso, salah siji pamimpin wadyabalaSpanyol. Panjenengané nepungaké woh iki nalika taun 1519 marang wong-wong Éropa. Ing wektu kang padha, para wadyabala Spanyol kang njajahAmérika Tengah uga nepungakékakao,jagung, lankenthang marang masarakatÉropa. Wiwit wektu iku woh apokat wiwit disebar lan ditepungi déning akèh warga donya. Apokat ditepungaké menyang Indonésia déningWalanda nalikaabad kaping 19.
Apokat duwé akèh mupangat. Wijiné dipigunakaké sajeroning indhustripakaian minangka pawerna kang ora gampang luntur. Batang wité bisa minangka bahan bakar. Kulit wité minangka pawerna coklat ing prodhuk saka bahan kulit. Daging wohé bisa didadèkaké panganan sarta dadi bahan dhasar kanggo sapérangan prodhuk kosmètik lan kecantikan.
Apokat duwéasem folat kang akèh[2]. Asam folat dibutuhke mligi kanggo ibu ngandut lan wanita kang lagi ngerencanakna kehamilan, amarga asem folat bisa bantu awak kanggo ngawe lan jaga kasempurnaanDNA(Deoxyribose Nucleic Acid) sahaRNA(Ribonucleic Acid) pirantigenetik badan, saéngga bisa nyegah janin cacat[2]. Sijiwoh apokat duwé 114 mikrogram asem folat[2]. Jumlah iku bisa nyukupi 30% kebutuhané asem folat ibu ngandut[2].
Alpukat yaiku sumber (lemak tak jenuh) tunggal kang apik lan bisa ningkatnaHDL[3]. Liyane iku, alpukat uga duwébetasitosterol kang bisa ngurangi jumlahkolesterol kang diserap saka pakanan[3].