Kutha gedhé dhéwé nomer loro ing Turki iki kang ndunungi 4.455.453 jiwa (2007) lan wigati banget dideleng saka sisihékonomi lanindhustri. Minangka punjer papréntahan Turki, ing Ankara mapan kabèhkedutaan gedhé nagara-nagara liya. Kutha iki panggonané ing laladan paling garing ing Turki lan dikupengi laladanstepa kanthi manéka situsarkéologi saka mangsaOttoman,Byzantium, lanRomawi.
Papan Anggegana utama Ankara ya ikuPapan Anggegana Internasional Esenboga kang ana ing sisih lor kutha. Terminal Bus Ankara (basa Turki:Ankara Şehirlerarası Terminal İşletmesi) iku pérangan wigati saka jaringan bus ing Ankara lan stasiunsepur Ankara Garı iku ngubungaké antarané pérangan kulon lan wétanTurki.
Ing Ankara ana rong lurungsepur ngisor lemah lan telung lurung manèh sajeroning tahap konstruksi.