Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Anggang-anggang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Anggang-anggang (Gerridae)
Anggang-anggangGerris remigis
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Arthropoda
Klas:Insecta
Ordho:Hemiptera
Subordho:Heteroptera
Infraordho:Hemiptera
Famili:Gerridae
Leach, 1815
Genera
Aquarius
Eotrechus
Gerris
Halobates
Limnogonus
Limnoporus
Metrobates
Neogerris
Rheumatobates

Trepobates

Anggang-anggang ya iku jinisé kéwangegremet kang uripé ana banyu.[1] Ing basa Inggrisé mauwater strider, saliyané iku uga ana kang ngaranijesus bug.[1] Anggang-anggang utawa iwak sewu iki bisa didadèkake pratandha alami yèn banyu iki ora kena limbah.[2]

Anggang-anggang wujud saklompokgegremetpamangsa sing kabèh kalebu sajeroningsukuGerridae. Anggotané, watara 340 jinis, akèh sing angèl dibédakaké. Sajeroning literatur ditepungi uga kanthi salah kaprah minangka "angga-angga banyu", sanajan gegremet iki pancèn duduangga-angga. Jeneng "anggang-anggang" dhéwé asalé saka obahé sing maju-mundur sambi ngambang.[3]

Gegremet iki gampang banget ditepungi amarga kabiyasaan uripé sing mesthi lumaku/mlumpat ing lumahingbanyu. Obahé rikat, bisa nganti 1.5 m/s. Akèh-akèhé urip ing banyon anteng, nanging ana limang jinis (saka marga Halobates) sing dikawruhi urip ing lumahing samodra.[4] Saka lumahing banyu, anggang-anggang ngincer mangsa (lumrahé gegremet liya) sing ana ing cerak lumahing banyu.

Kéwan iki dadi modhèl sajeroning panlitènbiofisika ngenani kamampuantekanan lumah sajeroning nyangga beban. Ana rong aspèk sing dadi kawigatèn: kamampuan ngambang ing lumahing banyu lan kamampuané obah maju kanthi rikat.

Kamampuan ngambang asalé saka ananérambut-rambut cilik banget (microsetae) kasusun kanthi arah tinentu mawa lekukan-lekukan sajeroning ukuran nanometer ing pucuksikilé lan dijangkepi karo lapisanmalam (lilin), nanging èfèk hidrofobik luwih disebabaké déning struktur fisik sikil tinimbang lapisan malam sing ana.[5] Dikawruhi uga, ana pojok kontak èfèktif sikil karo banyu gedhéné 167.6° ± 4.4°. Amarga rapeté rambut-rambut cilik sarta lekukan-lekukan sing ana, udara kacandhet ing struktur iku lan duwé fungsi minangka "bantalan" ing lumahing banyu.

Kamampuan obah kanthi rikat uga narik kawigatèn èlmuwan. Kanggo obah, anggang-anggang ngenet lumahing banyu mawa pasangan sikil tengahé tanpa nembus lumahing banyu, mbentuk cekungan ing lumahing banyu. Cekungan iki cukup jero kanggo nyurung awak gegremet maju. Kajaba iku, sapérangan indhividu bisa migunakaké sewiwi sing sok-sok diduwèni gegremet iki. Sajeroning kaanan urip kurang nguntungaké, anggang-anggang akèh-akèhé ora duwé sewiwi.[6]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. ab[1]Archived 2011-09-02 at theWayback Machine. Kaundhuh tanggal 14 Juli 2011
  2. [2]Archived 2011-08-18 at theWayback Machine. Kaundhuh tanggal 20 Juli 2011
  3. Wojowasito, S. 1977.Kamus Kawi-Basa Indonesia.
  4. ESA Paper: Molecular genetics and distribution of the ocean-skater Halobates (Heteroptera: Gerridae)
  5. Gao X, Jiang L. 2004. Biophysics: water-repellent legs of water striders. Nature 432:36. doi=10.1038/432036a
  6. Discoverlife

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniAnggang-anggang.


Tandha stubArtikel bab kéwan iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Anggang-anggang&oldid=1663707"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp